Alginat
| Alginat | |
|---|---|
|
Jeneng liya
E400
|
|
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [9005-32-7] |
| Nomer EINECS | |
| Sifat | |
| Rumus molekul | (C6H8O6)n |
| Massa molar | 10,000 - 600,000 |
| Panampilan | putih nganti kuning, fibrous powder |
| Densitas | 1.601 g/cm3 |
| Kaasaman (pKa) | 1.5-3.5 |
| Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
|
Alginat yaiku polimer linier organik polisakarida kang kasusun saka monomer α-L asam guluronat (G) lan β-D asam manuronat (M), utawa bisa arupa kombinasi saka rong monomer mau.[1] Alginat ana ing ganggang coklat kang asale genus Ascophyllum, Ecklonia, Durvillaea, Laminaria, Lessonia, Macrocystis, Sargassum, dan Turbinaria.[1]
Struktur[sunting]
Struktur dhasar saka monomer alginat yaiku ali-ali tetrahydopyran kang bisa mbentuk 2 konfigurasi, yaiku C1 lan 1C kayata gambar ing dhuwur.[2] β -D-manuronat ing alam ana ing konfigurasi C1.[2] Ing konfigurasi 1C α-D-manuronat, interaksi -COOH ing C-5 lan -OH ing C-3 bakal kaku, dene ing C1 gugus-gugus iki ana ing posisi ekuatorial mula luwih stabil.[2] Sewalike, kanggo alasan kang pada α -L-guluronat ana ing konfigurasi 1C dibandingake C1. [2]
Polimer alginat dibentuk saka hubungan antarane C-1 lan C-4 tiap monomer lan dihubungake dening ikatan eter oksigen.[2] Polimer alginat kaperang saka 3 jenis, yaiku polimer M (manuronat), polimer G (guluronat), lan polimer MG.[3] Polimer M dibentuk saka struktur ekuatorial gugus C-1 lan C-4 lan mbentuk polimer lurus, dene polimer G dibentuk saka struktur aksial.[3] Perbedaan struktur polimer iki nyebabake polimer G luwih akeh digunakake kanggo proses mbentuk gel alginat kanthi nambahake ion Ca2+.[3] Ion mau bakal ngganteake ion H+ ing gugus karboksilat lan mbentuk jembatan ion penghubung antarane polimer G siji karo sijine.[3] Hubungan antarane polimer G iki bakal mbentuk struktur egg-box.[3]
Cathetan Sikil[sunting]
- ^ a b (en) Roew, Raymond. 2009. Adipic Acid. Handbook of Pharmaceutical Excipients. Hal. 11–12.
- ^ a b c d e (en) Penman A, Sanderson GR. 1972. A method for the determination of uronic acid sequence in alginates. Carbohydr.Res. 25:280
- ^ a b c d e (en) [FAO]. 2009. Production, properties, amd use of alginate [terhubung berkala]. http://www.fao.org/docrep/X5822E/x5822e04 [4 Mar 2009].
Pranala Njaba[sunting]
- Alginate seaweed sources
- Alginate properties
- article Wired on Easy Cheese, describing sodium alginate