Alergen
Alergen yaiku senyawa kang bisa nginduksi imunoglobulin E (IgE) lumantar paparan arupa inhalasi (disedhot), ingesti (proses ngeleg), kontak, utawa injeksi.[1] Respon awak marang sawijining alergen kedadeyan lumantar proses kang kompleks lan didayani dening faktor-faktor, yaiku sifat inang, lingkungan,lan sipat fisik saka alergen.[1] Alergen minangka protein kang bisa ngrangsang respon imun awak lumantar reaksi enzimatik utawa aktivasi reseptor ing sel epitelium mukosa sacara langsung.[2] Tuladha-tuladha antigen spesifik yaiku:[2]
- Aeroalergen
Protein utawa glikoprotein kang sumebar ing udhara lan sumbere saka macem-macem sumber, kayata spora kapang, serbuk sari tanduran, wulu kewan, lan telèk tengu sarta coro.[2]
- Alergen panganan
Tuladhane pangananan kang biyasane nyebabake alergi tumrap bocah-bocah yaiku andog, susu, kedelé, gandum, lan kacang.[2]
- Alergen lateks
Alergi kang disebabake dening karet lateks kang kerep dirasakake dening pekerja industri karet, petugas kesehatan, lan wong kang nglakoni oprasi nalika isih bayi.[2]
- Alergen farmasi
Tuladhane penisilin lan sefalosporin.[2]
- Alergen wisa srangga
Entubé srangga bisa ndadekake alergi tumrap manungsa.[2]