Wikipedia:Wewaton Sriwedari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

(Paugeran Sriwedari)

Wawaton Panyeratipun Tembung Jawi Mawi Sastra Jawi Dalasan Angka, Miturut Putusan Parepatan Kumisi Kasusastran Ing Sriwedari (Surakarta)

Landsdrukkerij - Weltevreden 1926

Tembung Lingga[besut sumber]

  1. Tembung lingga kaserat boten ngrangkep aksara. Kadosta:‌ ꦏꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦫꦠ꧀‌ ꦊꦔ꧈ ꦧꦚꦸ꧈ ꦢꦲꦤ꧉ Boten kaserat: ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦂꦫꦠ꧀‌ ꦊꦁꦔ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ꧈ ꦢꦃꦲꦤ꧉
    Wonten ingkang nyebal: ꦠꦤ꧀ꦚ꧉
    Déné: ꦫꦲꦪꦸ꧈ nadyan sanès tembung lingga ugi boten kaserat: ꦫꦃꦲꦪꦸ꧈ awi‌‌t saking tembung lingga: ꦲꦪꦸ꧈ angsal ater-ater: ꦫ꧉
    Makaten ugi: ꦫꦲꦂꦗ꧈ ꦫꦲꦗꦼꦁ꧈ panunggilanipun.
  2. Tembung lingga nigang wanda ingkang purwanipun menga nglegena. Sanadyan ungelipun purwaning lingga wau mawi sandhangan pepet, inggih kaserat nglegena.
    Kadosta: ꦤꦒꦫ꧈ ꦱꦭꦏ꧈ ꦮꦠꦫ꧈ ꦩꦤꦮ꧈ ꦧꦝꦪ꧉
  3. Tembung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigeg ing aksara irung, kaserat kados pakecapanipun, kadosta:
    • ꦕꦼꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧈ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈ ꦊꦁ‌ꦒꦤ꧈‌ ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤ꧉
    • ꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧈ ꦱꦁꦱꦫ꧉
  4. Wanda ingkang dédé wanda wekasan boten saged nganggé pepet lajar; manawi boten dipun-keret, inggih namung dipun-lajar, kadosta: ꦢꦽꦏꦸꦏꦸ꧈ ꦒꦽꦗꦶ꧈ ꦮꦂꦤ꧈ ꦮꦂꦠ꧉
    Kajawi tembung-tembung ngamanca ingkang badhé kacethakaken, kadosta: ꦓꦸꦥꦼꦂꦟꦸꦂ‌ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ ꦥꦿꦺꦴꦱꦺꦱ꧀ꦥꦼꦧꦭ꧀꧈
  5. Manawi nunggil tembung, pasangan: ꦕ꧈ ꦗ꧈ boten kénging wonten sangandhapipun sisigeg: ꦤ꧈ kedah: ꦚ꧈ kadosta: ꦮ ꦚ꧀ꦕꦶ꧈ ꦗꦚ꧀ꦗꦶ꧉
  6. Tembung: ꦏ꧀ꦭꦥ boten kaserat ꦏꦭꦥ꧈
    ꦧ꧀ꦭꦸꦢꦿꦸ boten kaserat ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧈ sasaminipun.
    Nanging manawi wonten prelunipun, upami kadamel nyangkepaken guru wicalaning sekar, saweg kénging kaserat: ꦏꦭꦥ꧈ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧉
  7. ꦢꦺꦴꦚ꧈ sarta: ꦱꦺꦴꦚ꧈ sami kaserat nganggé taling tarung, boten nganggé suku.
  8. Tembung ngamanca ingkang sampun kanggé ing tembung Jawi, panyeratipun miturut pakecapanipun tembung ngamanca wau, kadosta: ꦧꦒꦱꦶ꧈ saking Bagage.

Tembung Andhahan Ingkang Mawi Ater-Ater[besut sumber]

  1. Anu-swara:
    • Manawi purwaning lingga luluh, ater-ateripun anu-swara boten kaserat nganggé: ꦲ꧉ Kadosta: ꦔꦠꦒ꧀ ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦩꦿꦤꦠ꧉
      Manawi wonten prelunipun kénging kaserat: ꦲꦔꦠꦒ꧀ ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈‌ ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈‌ ꦲꦩꦿꦤꦠ꧉
    • Manawi purwaning lingga boten luluh,
      kadosta: ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦂ꧈ ꦲꦚ꧀ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦶꦛꦶꦁ꧈ ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁ꧈
      punika boten kénging kaserat: ꦢꦢꦂ꧈ ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦒꦶꦛꦶꦁ꧈ ꦧꦸꦮꦁ꧉
  2. Tembung-tembung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kaliyan ater-ateripun anu-swara, manawi angsal ater-ater ꦥ꧈ purwaning tanduk boten karangkep, kadosta:‌ ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ boten ꦥꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀꧈
  3. Bawa ꦩ꧉
    Tembung bawa: ꦩ꧈ ingkang ater-ateripun boten luluh kaliyan purwaning lingga, ater-ateripun: ꦩ꧈ kedah kapepet, kadosta: ꦏꦼꦢꦢꦩ꧀꧈
  4. Tembung ingkang apurwa: ꦲ꧈ manawi dipunater-ateri: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈ boten éwah, kadosta: ꦥꦶꦲꦁꦏꦸꦃ꧈ ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ ꦥꦶꦲꦭ꧉
    Ingkang nyebal, purwanipun éwah dados: ꦪ꧈ kadosta: ꦥꦶꦪꦒꦼꦩ꧀ ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧉

Tembung Andhahan Ingkang Nganggé Seselan[besut sumber]

  1. Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉
    Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉ Kaserat miturut pangrimbagipun seselan, kadosta:
    ꦥꦽꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦒ꧀ꦭꦼꦫꦁ꧉ Boten kaserat: ꦥꦉꦤꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦼ꧉
    Manawi wonten prelunipun kénging kaserat: ꦥꦉꦤꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉
  2. Seselan: ꦤ꧈ kadosta: ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ punika kaserat tanpa pasangan: ꦤ꧉

Tembung Andhahan Ingkang Mawi Panambang[besut sumber]

  1. Panambang ingkang apurwa aksara: ꦲ꧈ manawi tumrap ing wanda sigeg; ꦲ nipun malih dados aksara sisigeg wau, kadosta: ꦲꦮꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦠꦏꦲ꧀ꦏꦺ꧈ ꦊꦊꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶ꧈ ꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ ꦫꦲꦧ꧀ꦧꦤ꧉
  2. Panambang: ꦲ꧉
    • Manawi wonten sawingkingipun wanda menga nglegena, kaserat tetep: ꦲ꧈ kadosta: ꦧꦶꦱꦲ꧉
    • Éwah dados: ꦪ꧈ manawi sumambet wanda menga kanthi: wulu, utawi: taling, samanten punika manawi wanda wau sanès; ꦪ꧈ kadosta: ꦮꦤꦶꦪ꧈ ꦝꦺꦝꦺꦪ꧉
      Nanging: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦲ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲ꧈ boten kaserat: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦪ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦪ꧉
    • Éwah dados: ꦮ꧈ manawi sumambet ing wanda menga kanthi: suku utawi: taling tarung, samanten punika bilih wanda wau sanès: ꦮ꧈ kadosta: ꦤꦶꦫꦸꦮ꧈ ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦮ꧉
      Nanging: ꦤꦮꦸꦲ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦲ꧈ boten kaserat: ꦤꦮꦸꦮ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦮ꧉
  3. Panambang: ꦲꦺ꧈ manawi sumambet wanda menga, éwah dados: ꦤꦺ꧈ dados tanpa pasangan: ꦤ꧈ kadosta:
    ꦗꦫ – ꦗꦫꦤꦺ꧈ boten: ꦗꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉
    ꦲꦭꦸ – ꦲꦭꦸꦤꦺ꧈ boten ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧉
  4. Panambang: ꦲꦶ꧈ manawi wonten sawingkingipun wanda menga, kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀ rumiyin. Kadosta: ꦥꦝ – ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧉
    ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶ – ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉
    ꦧꦲꦸ – ꦲꦩ꧀ꦧꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉
  5. Panambang: ꦲꦤ꧀꧈
    • Manawi tumrap ing wanda menga, ingkang mawi sandhangan: wulu utawi: taling, mangka boten luluh, purwaning panambang malih dados: ꦪ꧈ kadosta:
      ꦢꦢꦶ – ꦏꦢꦢꦶꦪꦤ꧀꧈
      ꦒꦝꦺ – ꦥꦒꦝꦺꦪꦤ꧀꧈
      Manawi tumrap ing wanda menga, ingkang mawi sandhangan: suku utawi: taling tarung, mangka boten luluh, purwaning panambang malih dados: ꦮ꧈ kadosta:
      ꦭꦏꦸ – ꦏꦭꦩꦸꦮꦤ꧀꧈
      ꦗꦒꦺꦴ – ꦗꦒꦺꦴꦮꦤ꧀꧈
    • Wonten tembung sawatawis ingkang wandanipun wekasan kadunungan wignyan, nyebal saking wawaton IV.1. Kadosta:
      ꦮꦼꦫꦸꦃ – ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈
      ꦏꦭꦶꦃ – ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈
      ꦥꦭꦶꦃ – ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀꧈ (sedhèrèk nunggil suson).
      Nanging: ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀‌ ‌(Krama), ngokonipun: ꦥꦫꦺꦴꦤ꧀꧈
    • Tembung-tembung ing adeg-adeg: n nginggil punika, manawi angsal panambang: ꦏꦺ꧈ wignyanipun terkadhang wangsul, kadosta:
      ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ – ꦏꦫꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉
      ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀ – ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉
  6. Panambang: ꦲꦼꦤ꧀ manawi sumambet ing wanda menga éwah dados: ꦤꦼꦤ꧀ kadosta:
    ꦲꦸꦗ – ꦲꦸꦗꦤꦼꦤ꧀꧈
    ꦥꦤꦸ – ꦥꦤꦸꦤꦼꦤ꧀꧈
  7. Panambang: ꦲꦤ꧈ manawi sumambet ing wanda menga, mawi kapitulungan panambang ꦲꦤ꧀ rumiyin, kadosta:
    ꦲꦧ – ꦔꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦠꦭꦶ – ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦥꦺꦥꦺ – ꦥꦺꦥꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦭꦏꦸ – ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦒꦝꦺꦴ – ꦒꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉
  8. Panambang: ꦲꦏꦺ꧉
    • Manawi sumambet ing wanda menga, wanda wau kasigegaken: ꦏ rumiyin, panambangipun lastantun: ꦲꦏꦺ꧈ bilih wanda wau kadunungan: wulu, malih dados: taling, manawi kadunungan: suku, dados: taling tarung; kadosta:
      ꦠꦥ – ꦤꦥꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
      ꦭꦭꦶ – ꦔ꧀ꦭꦭꦺꦑꦏꦺ꧉
      ꦒꦼꦝꦺ – ꦲꦁꦒꦼꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
      ꦲꦗꦸ – ꦔꦗꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
      ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ–‌ ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦑꦏꦺ꧉
    • Tembung ingkang wandanipun sigeg: ꦤ꧈ manawi angsal panambang: ꦲꦏꦺ꧈ wonten ingkang sisigegipun: ꦤ꧈ punika malih dados: ꦏ꧈ salajengipun panambang: ꦲꦏꦺ꧈ éwah dados: ꦏꦏꦺ꧈ kadosta:
      ꦥꦏꦤ꧀ – ꦩꦏꦏ꧀ꦏꦺꦏ꧉
      ꦲꦺꦮꦺꦴꦤ꧀– ꦏꦲꦺꦮꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉
  9. Panambang: ꦤ꧉ Manawi sumambet ing wanda sigeg, boten éwah, kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ – ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦤ꧉
    Manawi wonten perlunipun badhé angulur, panambang: ꦤ꧈ kénging kaulur: ꦲꦼꦤ꧉ Kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦼꦤ꧀
  10. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ manawi tumrap ing wanda menga malih dados: ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ kadosta:
    ꦮꦸꦮ – ꦮꦸꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    ꦫꦺꦴꦠꦶ – ꦫꦺꦴꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    ꦥꦸꦠꦸ – ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    Boten kaserat: ꦮꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦫꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦥꦸꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
  11. Tembung wisésana lingga, menawi angsal panambang: ꦲ꧈ kaserat manut pakecapanipun, dados tanpa pasangan: ꦤ꧉
    Kadosta: ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ – ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧉ Boten kaserat: ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤ꧉

Dwi-Purwa[besut sumber]

  1. Tembung dwi-purwa ngrangkep sandhangan swara, kadosta:
    ꦫꦶꦒꦼꦤ꧀ – ꦫꦶꦫꦶꦒꦼꦤ꧀꧈
    ꦠꦿꦸꦏ – ꦠꦸꦠꦿꦸꦏ꧉
    ꦮꦺꦏ – ꦮꦺꦮꦺꦏ꧉
    ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀‌– ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀꧈
    nanging: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ – ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉Boten: ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉

Dwi-Lingga[besut sumber]

  1. Tembung ingkang purwanipun: ꦲ꧈ sarta wandanipun wekasan sigeg, manawi kadamel dwi-lingga, purwanipun tembung ingkang wingking boten éwah dados sisigeg wau, kadosta:
    ꦲꦭꦸꦤ꧀ – ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀꧈ boten: ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈
    ꦲꦭꦁ – ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ꧉ boten ꦲꦭꦁꦔꦭꦁ꧉

Camboran[besut sumber]

  1. Runtutipun akaliyan bab VI. (Dwi-lingga), tembung camboran ingkang tembungipun ing ngajeng wandanipun ing wingking sigeg, sarta tembungipun ingkang wingking apurwa: ꦲ꧈ purwa: ꦲ wau boten éwah, kadosta:
    ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀ boten ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦫꦸꦩ꧀꧈
    ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ boten ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦠꦧꦺꦴꦤ꧀꧈

Tembung: ꦲꦶꦁ꧉[besut sumber]

  1. Tembung ingkang apurwa: ꦲ꧈ ꦫ꧈ ꦪ꧈ manawi dumunung wonten sawingkingipun: ꦲꦶꦁ꧈ boten éwah, kadosta: ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦭꦠꦂ꧉
    Wonten tembung sawatawis ingkang nyebal, kadosta:
    ꦲꦶꦁꦔꦶꦱꦺꦴꦂ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦗꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦠꦱ꧀ꦱꦺ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦩꦸ꧉

Gembung (Pasangan: ꦮ)[besut sumber]

  1. Gembung boten kénging tumrap ing pasangan ingkang kaserat wonten sangandhapipun sisigeg, kadosta:
    ꦲꦤꦏ꧀‌ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ boten kaserat ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀
    ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀‌ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮboten kaserat ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ

Aksara Murda[besut sumber]

  1. Aksara murda namung kanggé wonten ing tata prunggu, tegesipun kanggé pakurmatan, seseratan sanèsipun boten kénging nganggé aksara murda wau.
  2. Boten ngawontenaken aksara murda: ꦦ꧈ sarta: ꦨ꧉
  3. Seratan: ꦕꦟ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦲꦺꦰ꧀ꦝꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀
    kedah kaserat: ꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦤ꧈ ꦏꦂꦱ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀꧈

Aksara Swara[besut sumber]

  1. Aksara swara:
    • ꦄ꧈ꦆ꧈꧖꧈ꦈ꧈ꦎ꧈ kanggé nyerati tembung manca, manawi sumedya kacethakaken.
    • ꦉ꧈ kaliyan: ꦊ꧈ lastantun kanggé ing seseratan.
  2. ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꧖꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧉ Boten wenang dados pasangan, mila sisigeg ngajengipun kapangku, kadosta: ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈ꦊ꧈ manawi dados pasangan kawangsulaken: ◌꧀ꦭꦼ꧈ kadosta: ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ꧈ ꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀
    ꦉ꧇ pasanganipun lastantun ◌꧀ꦉ꧉

Aksara Rékan[besut sumber]

  1. Aksara rékan kanggé nyerati tembung manca manawi parlu badhé kacethakaken.
  2. Aksara rékan ingkang sumambet ing wanda sigeg, manawi pasanganipun aksara rékan wau boten kaleres kaserat wonten sawingkinging sisigeg, aksaranipun sigeg kedah kapangku, kadosta: ꦩꦸꦏ꧀‌ꦠ꦳ꦶꦂ꧈ ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀‌ꦒ꦳ꦤꦶ꧉
  3. Aksara rékan manawi angsal sandhangan: wulu, pepet, cecak utawi layar, cecakipun tiga wonten ngajeng (kiwa) sandhangan, kadosta: ꦢ꦳ꦶꦏ꦳ꦶꦂ꧈ ꦥ꦳ꦂꦭꦸ꧉

Angka Jawi[besut sumber]

  1. Angka Jawi amung kénging kanggé urut-urutaning bab sarta kanggé titi-mangsa.

Angka Rum[besut sumber]

  1. Angka Rum kénging kaanggé wonten ing seratan sastra Jawi, inggih punika kanggé urut-urutan, angka taun, sasaminipun, déné aksara Latin kénging kasambut kanggé urut-urutan.

Aksara Latin Dalah Angkanipun[besut sumber]

  1. Aksara Latin dalah angkanipun manawi kaserat amor kaliyan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kaserat sangandhap garis.

Aksara Arab Dalah Angkanipun[besut sumber]

  1. Aksara Arab dalah angkanipun, manawi kaserat awor kaliyan aksara Jawi, kajèjèr, dados tumut kaserat sangandhap garis.

Angka: 2[besut sumber]

  1. Angka: 2 boten kénging kanggé nyekak tembung: ꦱꦩꦭꦶꦪꦤ꧀ utawi tembung‌ dwi-lingga, kadosta:
    ꦥ꧀ꦲꦧꦼꦩ꧀ꦠꦶꦱꦩꦭꦶꦪꦤ꧀ boten kénging kaserat ꦥ꧀ꦲꦧꦼꦩ꧀ꦠꦶ2ꦪꦤ꧀꧈
    ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten kénging kaserat: ꦲꦭꦸꦤ꧀ 2꧈