Ula naga (paésan)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Paésan ula naga iku ora sekawéntar paésan peksi garuda. Paésan ula iki biasaé sesanding karo peksi garuda sebab ula duwé unsur jahat kang bisa dikalahnang karo manuk garuda[1]. Bentuk ula naga iki diwujudaken wutuh lan pepek[1]. Bentuk jamangé gen rupa-rupa, ana makuta, raja, makuta pendéta, makuta sénapati, lan séjéné. Lan moncongé kaya gambar ula ning pewayangan. Bahan kang digawé bisa sing bahan logam, bahan kayu, ana keding sing bahan témbok. Pewarnaan kanggo ula naga iki bisa nganggo cara naturalistis, cara sunggingan, atawa warna polos[2]. Baka sunggingan, diwarnai kaya warn aula naga wayang kulit. Cara gawéé bisa digambar ning papan, bisa keding ditatah ning kayu, logam lan témbok. Paésan iki bisa ditaro ning wangunan lawing gerbang lan bubungan umah. Ning umah Jawa, paésan ula naga iki duwé fungsi minangka sengkalan memet[1].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Dakung, Sugiyarto, dkk (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 149–151.
  2. Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISIONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU" (PDF). ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. Volume 7 No. 2: 92. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-10-24. Dibukak ing 2017-07-12. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)