Ziarah pasaréan Sunan Bonang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ziarah pasaréan Sunan Bonang inggih punikå tradhisi sowan wonten pasaréan Sunan Bonang. tradhisi punikå sampun misuwur wonten ing Kuthå Tuban. Sunan Bonang punikå asli saking tlatah Bonang, Tuban. ingkang gadhah nåmå asli inggih punikå Syekh Maulana Makhdum Ibrahim putrå saking Raden Ali Rahmatullah Sunan Ampel bin Syekh Ibrahim Asmaraqandi. Ibunipun inggih punikå Dwi Candrawati utawi Nyai Ageng Manila, putrinipun saking Arya Tedja inggih punikå Adipati saking Tuban wontên ing masanipun Kerajaan Måjåpahit. . Sunan Bonang miyos warså 1448 M wontên Tuban. Sunan Bonang punikå ngangsu kawruh saking ramanipun, nganggé aturan ingkang awrat saha disiplin. Saking ilmunipun punikå sahinggå Sunan Bonang mênikå dadós salah satunggalipun saking wali Sangå. Objek dakwahipun Sunan Bonang mênikå wóntên ing tlatah Tuban, Pati, Madura, såhå pulo Bawéan. Ing salêbêting dakwahipun Sunan Bonang punikå kathah ngriptå tembang måcåpat saha laras gendhing ingkang ngemót piwulang agami islam. saking nêpangakên agami islam saking mawi gêndhin kålåwau sahinggå dipuntrêsnani dhatêng masarakat dumugi samênikå.[1]

Komplèk pasaréan[besut | besut sumber]

wóntên ing pusat kuthå Tuban. mapanipun wóntên Dukuh Kauman, Kelurahan Kutorejo, Kabupatèn Tuban. Lokasinipun wónten sisih kilèn alun-alun Kuthå Tuban. pasipun wóntên wingking Masjid Agung Tuban. Wóntên area pasaréan Sunan Bonang punika, mênawi nêmbè mlêbêt, pêziarah bakal kêpanggih kaliyan tigå gapurå. Gapurå ingkang sapisan punikå awujud régól. Lajêng gapurå ingkang kaping kalih såha ingkang nómêr tigå punikå awujud padurakså. Ingkang gadhah corak kadòs corak Hindu-Budha. córak mênikå dadòs têtêngêr bilih tiyang ingkang ziaråh punikå sampun mlêbêt papan ingkang suci, utawi bangunan ingkang awrat inggih punikå pasaréan saking salah satunggaling Waliyullah ingkang misuwur såhå dipunkurmati déning masarakat tuban.

Mlêbêt wòntên gapurå ingkang kaping kalih pêziarah punikå bakal panggih såhå mirsani Masjid Astana Bonang, ingkang dadòs zawiyyah utawi papan ingkang fungsinipun kanggé nyêpi utawi tåpå Sunan Bonang. Wòntên ing sisih lèr, pårå pêziarah sagêd mirsani gapurå ingkang kaping tigå inggih punikå gapurå Padurakså. Wònten ing gapura kalih såhå tigå punikå wòntên hiasan kados piring ingkang wontên corakipun sêkar lajêng wontên seratan Arabipun. Sêratan arab mênikå kadostå nåmånipun salah satunggaling khalifah, inggih punikå khålifah Abu Bakar As-Siddiq, Umar Bin Khattab, Utsman bin Affan , såhå Ali bin Abu Thalib. Kirang langkung wontên 30 piring ingkang tumèmplèk såhå dados hiasan wontên ing gapurå Padurakså. Peziarah ugi sagêd mirsani tembok kêlir ingkang kiranglangkug wontên 15 piring porsêlin. Piring porsêlin punikå ugi dadòs tåndhå bilih jaman rumiyin menikå naté wòntên lampah dagang cinå wòntên kuthå Tuban.

Sabakdanipun mlampah wòntên gapurå kålåwau, lajêng pêziarah mlampah malih saha panggih kaliyan mapintên-pintên atus pasaréan, pusatipun wòntên  pasaréanipun Sunan Bonang. Cungkup pasaréan Sunan Bonang punika wòntên ing siti ingkang langkung cêndhak. ugi wòntên undhak-undhak alit saking selå såhå wòntên sêratan saking kajêng kanggé mlêbêt wonten salêbêtipun pasaréan Sunan Bonang. Para pêziarah mênikå lajêng lenggah ingkang sopan, biasanipun pêziarah mênikå lajêng maos wacanan kadòsta Surat Yasin ugi Tahlilan. ananging langkung saé pårå pêziarah punikå dipunanjurakên maòs wirid inggih arupi surat Al-Fatihah kaping 50, Al-Ikhlas kaping 50, saha Shalawat Nabi kaping 300. Wirid mênika dipunajurakên dipunwaòs amargi wirid saking surat-surat såha sholawat punikå dadòs waòsan ingkang dipunrêmêni kaliyan Sunan Bonang nalikå gêsangipun.

Wòntên ing sakiwå têngên pasarêan punikå wòntên balè-balè ingkang dipunwastani Pêndhåpå Pasèban, Pêndhåpå Rantè, Pêndhåpå Tajuk. Tinggalanipun saking Sunan Bonang minångkå Sunan Bonang ngangsu kawruh dhatêng ramanipun ugi dipunginakakên Sunan Bonang nalikå nyêbarakên dakwah islam. Pêndhåpå punikå gadhah wujud kadòs limas,wòntên umpak-umpak ingkang wêrninipun pethak dipundamêl saking balung ulam. Mênawi bangunan Paséban punikå wòntên ukiran khas, Sunan Bonang mênikå rêmên kaliyan motif sulur såhå hiasan tumpal ingkang indah. Wòntên ugi tinggalan jaman purbåkålå kadòstå têmpayan, yòni, pipisan, såhå pêthi saking sèlå ingkang dipunsimpên wòntên ing pêndhåpå rantè.

Tradisi lisan ( Folklor Makam Sunan Bonang )[besut | besut sumber]

Tradisi lisan (folklor) wonten ing Pasarean Sunan Bonang inggih punika :

  1. Sampun dalu Sunan Bonang wonten ing Demak ingkang bakda dipunbangun. Wonteng ing Demak Sunan Bonang nyepeng jabatan dados imam wonten ing masjid besar  ingkang cariyosipun pembangunan saking masjid punika namung satunggal dalu kemawon amargi pikantuk bantuan saking wali sanga ingkang sampun sami kempal saha netep wonten ing kabupaten Tuban. Kutha ingkang dados lairipun dumugi sedanipun ibu Sunan Bonang wibawa amargi ajaranipun. Saha makamipun tansah dados papah ziarah ingkang penting. Minangka Sunan Bonang nabuh bonang, masarakat sakiwa tengenipun masjid remen lajeng sami bidhal wonten ing masjid. Wonten ngajeng masjid dipun damel kolam kaliyan sunan bonang ingkang gadhah ancas dengan sendirinya piyambakipun sampun wisuhi sukunipun. Menawi sampun kumpul sedaya salajengipun sunan bonang paring piwulang tembang ingkang ngemot ajaran-ajaran islam. Sahingga tanpa sengaja piyambakipun sampun dipunparingi ajaran agama.
  2. Sunan Bonang inggih punika dados salah satunggaling tokoh ingkah nyebaraken islam ingkang misuwur ing siti Jawi wonten akhir warsa kaping 15 saha awal abad kaping 16. Sunan Bonang seda nalika yuswa 60 tahun saha dipunmakomaken wonten ing griyanipun piyambak. Inggih punika wonten ing dusun Bonang, kecamatan Lasem (kirang langkung 17 km saking kutha rembang). Miturut tradisi lisan punika, sabakdanipun sunan bonang seda ugi dipunmaqomaken. Karana murid saking Sunan Bonang punika kathah ugi saking mapinten-pinten daerah punika ingkang sedayanipun tresna kaliyan Sunan Bonang. Pramila , jenazah sunan bonang punika dados “rebutan”. Sedayanipun kepengin bilih jenazah sunan bonang dipunmakamake wonten daerah asalipun piyambak-piyambak. Miturut salah satunggalig versi cariyos, ngandharaken bilih sasampunipun jenazah sunan bonang dipunbekta tiyang medura amargi badhe dipunmakamaken wonten mrika. Ananging, minangka dumugi Tuban, jenazah sunan boonang benika dipun rebut, lajeng dipun makamaken wonten tuban. Ananging, tiyang madura punika tasik yakin menawi ingkang dipun makamaken wonten ing madura punika jenazahipun saking sunan bonang.
  3. Wonten ing kompleks makam, wonten sumur ingkang dipun sebat sumur quran. Lokasinipun wonten ing tengahing makam. Ing pinggiripun sumur punika wonten tigang genthong kangge wadah toya saking sumur kalawau. Masarakat ugi percawis bilih sumur qur’an punika kathah khasiatipun saha paring berkah kangge sinten kemawon ingkang ngunjuk toyanipun. Mitirut cariyos saking Mohammad Khotib (45)  warga desa mriku,Menurut cerita, sumur itu digali sendiri oleh sumur punika dipundhudhuk piyambak dening sunan bonang. Kala rmiyi sumur punika dipunginakaken warga kangge ngubur al-qur’an ingkang sampun risak. Sahingga sumur punika dipunwastani sumur qur’an. Kathah tiyang utawi rombongan dugi wonten ing makam sunan bonang punika kangge nyuwun karomah, saha umumipun gadhah niyat kusus. Masarakat ugi percawis bilih menawi sering ngunjuk toya saking sumur punika saged langkung gampil maos al-qur’an. Ugi saget ngobati penyakit, tolak bala’, damel cerdas, ugi awet muda.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Ulfah, Rokhmah Ulfah (2013). [Journal.walisongo.ac.id/index.php/teologia/article/view/331/300 "Mistik Sunan Bonang"]. Jurnal Teologia. Volume 24: 23. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung); Check |url= value (pitulung)