Menyang kontèn

Saparan Wanaléla

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Saparan Ki Ageng Wanaléla minangka adat, upacara lan perayaan komunitas. Lokasi kasebut ana ing Kabupaten Sléman, Wilayah Khusus ing Yogyakarta. Maèstros ing upacara tradisional iki yaiku Purwa Widada (Alm), Tugiman, SS (keturunan Ki Ageng Wanaléla). Nganti saiki budaya iki isih kauri-uri.

Saparan Wanaléla minangka salah sawijining upacara tradisional sing ditindakaké kanggo nyambut sasi Sapar ing kalènder jawa / Islam. Upacara iki biasané ditindakaké ing Dusun Wanalélo, Désa Widadamartani, Kecamatan Ngemplak, Kabupatèn Sléman, DI Yogyakarta. Upacara Saparan Wanaléla biasané diwiwiti kanthi pengajian gedhé minangka upaya kanggo nglanjutaké perjuangané Ki Ageng Wanaléla minangka panyebar Islam. Banjur, upacara iki bakal dipungkasi karo panyebaran Apem.

Acara ing ndhuwur, Saparan Wanaléla ditindakaké nalika dina Jumuah sawisé sholat Jumuah rampung. Acara diwiwiti kanthi kirab prajurit ( bregada), warisan Ki Ageng Wanaléla, gunungan apem lan para peserta liyané sing uga memikat acara kasebut. Kirab diwiwiti saka balé désa Widadamartani, tumuju kuburan Ki Ageng Wanaléla. Ing njero baris pusaka, ana sawetara jinis prajurit, kaya ta Bregada Ganggèng Samodra, Kecamatan Bregada Muspika Ngemplak, Bregada Ki Ageng Wanaléla lan Bregada Ugel-Ugelan. Kabeh prajurité nganggo kostum lan aksesoris sing béda.

Ki Ageng Wanaléla minangka tokoh leluhur sing dianggep cikal bakal Pondok Wanaléla. Ki Ageng Wanaléla, sing duwé jeneng asli Jumadi Gena, minangka keturunan Raja Brawijaya V lan salah sawijining pimpinan sing nyebar agama Islam sajroné Kerajaan Mataram.

Ing wektu kasebut, dheweké manggon ing dusun Wanaléla, lan salah sawijining pendhidhikan spiritual sing dhuwur. Mula, dhèwèké dikongkon déning Raja Mataram menyang Kerajaan Sriwijaya ing Palémbang sing nalika semana mbantah Kraton Mataram. Dhèwèké uga suksès ngalahaké Kerajaan Sriwijaya. Pramila jenengé Ki Ageng Wanaléla luwih misuwur ing wektu samana nganti luwih akèh wong teka sinau saka dhèwèke.

Sawisé konsultasi lan kesepakatan masyarakat, kabèh keturunan Ki Ageng Wanaléla diundang lan njaluk nglumpukaké pusaka sing kasebar ing pirang-pirang papan supaya dipasang lan diarak ing sekitar désa menyang tujuan pungkasan, komplèks Ki Ageng Wonolelo. Banjur pusaka kasebut disimpen .

Sajarah

[besut | besut sumber]

Ki Ageng Wanaléla kang duweni jeneng asli Jumadi Gena, yaiku keturunan Prabhu Brawijaya V. Dhèwèké nyebaraké agama Islam jaman Kerajaan Mataram. Dhèwèké ngedegké omah ing Dusun Wanaléla, uga duwèni ilmu batin kang dhuwur ing jaman samono.

Amarga duwé ilmu kang dhuwur, dhèwèké didawuhi Raja Mataram sowan ing Kerajaan Sriwijaya kang ora patuh karo Mataram. Akhiré Kerajaan Sriwijawa ditakluke. Dhèwèké ninggalké warisan awujud tapak tilas, pusaka, uga barang keramat liané. Barang-barang mau kang dikirabaké saben sasi Sapar ing saben tahuné.

Dina Kamis Pahing malem Jumat Pon Ing sasi Sapar (Kalènder Jawa), ana acara tradisi kang bisa didadèkakelé wisata. Acara kasebut yaiku Saparan Ki Ageng Wanaléla.

Reroncèning upacara adat Saparan Ki Ageng Wanaléla yaiku kirab pusaka lan bregada, ziarah lan acara keagamaan awujud sedekah kué apem. Reroncèning acara biasané diwiwiti pengajian akbar kanggo nguri-uri perjuangané Ki Ageng Wanaléla kang dadi ulama gedhé lan nyebaraké agama islam. Kué Apem kang dibagi aboté 1 ton. Pusaka kang dikirab yaiku kitab Suci Al-Quran, Baju Onto Kusuma, Kopiah, Bongkahan Mustaka Masjid (cupu) lan tongkat (teken). Nalika dikirab, pusaka dilebokké ing jero Joli lan ditandu.

Kirab diwiwiti saka halaman Balai Désa Widadamartani tumuju Makam Ki Ageng Wanaléla kang adohé 3 km. Kirab diiringi drum band SMPN 1 Ngemplak, Bregada Ganggèng Samodra, Bregada Muspika Kecamatan Ngemplak, Putri Bhayangkari, Putri Domas, Santri dan Alim ulama, gunungan apem, sesaji, Bregada Ki Ageng Wanalela, Bregada Ungel-ungelan lan tamu.

Sakbubaré kirab, kué apem disebaraké ing masyarakat kanggo sedekah. Iki wujud rasa syukur masyarakat karo Tuhan YME kang paring rejeki, keséhatan, lang keslametan.

Panggon

[besut | besut sumber]

Upacara Saparan Wanaléla dianakaké ing Padukuhan Pondok Wanaléla Désa Widadamartani, Kalasan, 19 km arah lor wétan Jogja. Acara dianakaké ing 2 panggon, yaiku omah kepala Désa Widadamartani (kapeneran keturunan Ki Ageng Wanaléla) ing Pondok Wanaléla (ing omah iki kasimpem salah siji pusaka Ki Ageng Wanalela), lan ing Komplèks Makam Ki Ageng Wanaléla.

Transportasi

[besut | besut sumber]

Amarga lokasiné adoh, wisatawan bisa nggunakaké kendaraan pribadi utawa réntal. Saka Jogja, bisa léwat Jalan Kaliurang. Tekan km 12, ing cedhak indomaret Besi ana papan tulisan Pondok Wanaléla (5 km). Ngetutaké dalan nganti ketemu Désa Ngemplak. Saka kono lurus arah wetan nganti ketemu Indomaret Ngemplak. Pondok Wanaléla jaraké kurang luwih 100 m saka Indomaret.

Nalika upacara, biasané dalan ditutup nganggo portal. Kanggo lumebu ing désa, ditariki duit 2.500/wong.

Upacara Saparan Wanaléla dianakaké saben taun ing sasi Sapar. Biasané, upacara dilaksanaké ing dina Kamis Pahing malam Jumat Pon sadurung wulan purnama.

Ubarampé

[besut | besut sumber]

Ing sajroning upacara, disiapké ubarampé awujud sesaji ing tahlilan. Ubarampé mau yaiku, sega tumpeng, ketan-kolak, apem, ingkung ayam, lan gelas teh didelehake ing dhuwur meja. Sesaji liané yaiku gedhang raja lan kembang uga menyan.

Sesaji pokok kang ora oleh ketinggal yaiku apem. Apem digawé saka tepung beras dicampur gula jawa utawa gula kelapa. Rasané gurih lan legi. Apem dibagi kanggo masyarakat Wanaléla. Apem digawé kanthi gotong royong lewat kelompok. Sakwisé apem dadi diserahaké ing panitia.