Ranggalawé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ranggalawe)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Lawé (Ranggalawé), salah sawijining tiyang ingkang ndhèrèk Wijaya saha nggadhahi jasa nalika mangadegipun Kerajaan Majapait. Ananging piyambakipun dipuntepang minangka tiyang ingkang mbaléla wonten ing kerajaan punika. Kamangka nama Ranggalawé punika dipuntepang dening masarakat minangka pahlawan. [1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Miturut Kidung Harsawijaya, Rangga Lawe inggih menika sawijining tiyang enèm, saking putranipun pejabat inggil (mantri) ing kraton raja Narasingha, ingkang kanthi sesarengan kaliyan putra mahkota diruwat saha piyambakipun dados minangka kanca ingkang setya mbaturi ngadhepi prastawa-prastawa ingkang badhé dipuntampa. Ananging miturut Kidung Ranggalawé (atawis Wenang), nama Lawé badhe dipunsebat-sebat sesampunipun mangadegipun Majapait. Nalikanipun Wiraraja ngutus putranipun ingkang wonten Tanjung, Madura Kulon, kagem ndhèrèkaken sang putri kaliyan ibunipun wonten ing margi tumuju ing Jawa kagem tumut Wijaya, saha kagem ngandharaken marang Wijaya babagan serat saking bapanipun, Wiraraja. Wonten Majapait, piyambakipun dipuntangleti ngenani namanipun, ananging piyambakipun mboten mangertos, lajeng dèning Wijaya dipuncaosi nama Wenang, amargi piyambakipun nggadhahi watak sregep saha pinter (wenang aisesa) nindhakaken sedayanipun miturut kekarepannipun Wijaya. Lajeng Rangga ateges nindhakaken kepinteran saha kabijaksanan politik, pramila saking menika piyambakipun dipunsebat Ranggalawé.[2]

Ranggalawé dipundadosaken adipati wonten ing Tuban dening Wijaya. Piyambakaipun kuciwa amargi namung dipundadosaken adipati. Satemah Ranggalawé ngupaya kagem mberontak marang Kerajaan, mliginipun badhe mungsuh Nambi, patihipun Majapait. Wiraraja, bapanipun sampun nyaosi pepéling menawi Ranggalawé ampun dados tiyang mbaléla ugi ingkar marang Kerajaan Majapait. Ananging piyambakipun kekeh badhe mbrontak marang kerajaan.

Pemberontakan Ranggalawé[besut | besut sumber]

Pemberontakan punika kadadosan antawising Ranggalawé kaliyan Nambi. Samenika adhédhasar raos kuciwanipun Rangga Lawé dhateng Wijaya ingkang namung ndadosaken adipati. Kamangka nalikanipun perang Melayu, Ranggalawé saha Sora punika langkung inggil tinimbang Nambi. Piyambakipun ugi langkung wigatosaken nama saha kinurmatan piyambakipun. Pramila saking menika perang punika kadodasan.

Ing perang punika, Ranggalawé langkung inggil saha kasil kamenangan. Nambi kalah, lajeng mlayu ngantos Majapait. Pawarta punika adamel Raja dados muntab saha mrentah supados Ranggalawé dipunpati. Ananging Raja punika taksih mikir menawi Ranggalawé dipunpejahi, namung kasil rugi dhateng kerajaan.

Ing perang punika Ranggalawé mungsuh Kebo Anabrang. Ing perang ingkang sepindhah, Kebo Anabrang badhé kalah, ananging taksih saged nylametaken piyambakipun. Lajeng nalika wonten ing kali kekalihipun pepanggihan saha nglajengaken perangipun. Ing perang ingkang kapindho punika Ranggalawe saged dipunkalahaken dening Kebo Anabrang. Nalika pawarta menawi Rangga Lawé dipunpejahi dhateng Kebo Anabrang, Sora muntab lajeng mejahi Kebo Anabrang.

Nalikanipun mireng pawarta menawi pemberontakan saged dipunpungkasi, Raja mboten kraos bungah ananging susah. Amargi kalih tiyang ingkang dipungadhang-gadhang wonten ing kerajaan sampun ical. Kagem nyaosi pakurmatan ing pungkasan, Raja mrentah supados jenazah kekalihipun dipunruwat ngagem upacara ingkang pantes.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Wawan Hernawan. Dosen Fakultas Ushuluddin UIN Sunan Gunung Djati Bandung. MENELUSURI PARA RAJA MADURA DARI MASA PRA-ISLAM HINGGA MASA KOLONIAL. Jl. A.H. Nasution 105 Cibiru, Bandung 40614, Indonesia. Wawasan: Jurnal Ilmiah Agama dan Sosial Budaya 1, 2 (Juli 2016): 239-252
  2. Zoetmulder, Kalangwan Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang, 520-521.