Pandhékar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pendekar)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Pendekar Paul De Thouars by Martin Beijer.
Latihan Pencak Silat.

Pandhékar ya iku uwong kang remen nyinau babagan silat (dolanan pedhang lan sapanunggalané).[1] Gelar Pendèkar iki ora bisa dikaké marang sembarang wong lan ora bisa dituku. Ora kabéh kang wis jejuluk master duwéni jejuluk pakurmatan (kaya ta jejuluk kesatria).[2] Jejuluk iki ana marga biayasané mbela wong kang ora duwé daya ing masyarakat,utawa lagi ditindhas. Nanging, ing jaman modhérn, utamané saliyané ana ing Asia Tenggara iku bisa uga disebut grandmaster.

Simbol[besut | besut sumber]

Menawa éntuk jejuluk pendhékar kang sejati kudu bisa nguwasani aspék-aspék saka béla dhiri iki. Aspék iki kaya ta téknik, pranti kanggo gelud raga lan jiwa, uga ngerti carané pengobatan kanthi cara tradhisional. Mula, jejuluk pendhékar ora mung instruktur utawa pakar ing ulahraga. Pandhékar iku manèka werna babagan. Bisa wujudé pejuwang, dhokter ing tardhisional lan kudu wicaksana. Akéh fokus ing kéné iki, ateges ora kabéh kudu dikuwasani. Bisa fokus ana ing olahraga kaya ta téknik gelud. Bisa uga fokus ana ing cara agama (rèligius). Ana jejuluk "silat kang sejati'' iku ku bisa digunakaké ana ing kabéh situasi nalika ing paprangan utawa kondhisi bebaya. Kanggo ningkataké prigel lan kemampuan saka para pendhékar supaya imbang, prelu méditasi utawa biyasa diarani tapa. Keseimbangan iki biyasané di arani Yin lan Yang. Iki diijupuk saka wejangan wong Cina.[2]

Miturut filsafat Cina, Yin lan Yang iku konsép saka dualisme kang nggambaraké 'peteng-padhang' utawa 'négatif-positif'. Konsép iki, antara siji lan sijiné uga padha gayut lan njangkepi. Ing kosmologi Cina, kabéh material ing donya iki dadi siklus Yin lan Yang. Kaya ta karakter lanang karo wanita, seksualitas, lan siklus mangsa.[3]

Ing jaman biyén dicritakaké ing crita Melayu, kaya mangkéne iki kalebu ngelmu kang esotèrik. Ngelmu iki bisa dikuwasani prelu tirakat tartamtu. Kaya ta pasa kang suwé lan kudu tapa ing guwa, alas, kuburan lan ora wedi mati. Duwé mental kang kaya mangkéné iki wis mateng kanggo ngadhepi bebaya nalika perang. Ana wejangan uniné "saka pucuk rambut nganti pucuking sikil bisa dadi gaman".

Bisa uga, Pandhékar bisa nglawan mungsuh migunakaké pikiran tanpa ngeyuk awaké lawané. Ora galebo, wong kang kena iki bakal langsung lara. Ing jaman biyen, dicritakaké yén pandhékar iki mesthi bisa mlayu banter, ngilang ana ing keluk, bisa dadi wong liya, mlayu ing dhuwur banyu, munggah ing mlumpat saka payon ing payon. Mula, pandhékar iku biyasa saka ngobati awaké dhéwé kanthi cara tradhisional. Cara salah sijiné ya iku, pandhékar biyasané bisa pijet. Pijet kang dilakokaké saka niténi syaraf-syarat negndi bae ana ing awak. Ngelmu iki bisa uga diterapaké saka pendharahan utawa mili getih kang ora mandheg-mandheng amarga bisa nglancaraké miliné getih. Ana uga, pandhékar kang ngretèni ngelmu obat-obatan kanthi tradhisional.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Yén didelok saka gayutané karo ngelmu béla dhiri ing Indonésia. Saka isu-isu idhéntitas Silat iku sawijiné saka idhéntitas budaya. Ing jaman biyén, simbah buyut saka wong-wong Indonésia wis duwé cara-cara kanggo mbéla awaké dhéwé ing donya kanggo urip.[4] Ing jaman semana ana béla dhiri kanggo ngindhari serangan saka kéwan-kéwan utawa saka pakumpulan manungsa-manungsa liya. Silat iku wis nebar ana ing nuswantara kawit abad ka-7 M. Nanging, mula bukané silat iki durung dingreténi kanti pasthi. Wiwit jaman kraton, Sriwijaya nganti Majapahit pancén akéh disebutaké pandhékar-pandhékar kang moncér lan nguwasani ngelmu kang bisa diandhelaké.[5] Miturut ing panilitiyan ing Donald F. Draeger mbuktikaké menawa seni bela dhiri iku bisa didelok saka artéfak, gaman ing mangsan HIndhu lan Budha. Uga bisa didelok ing relièf kang nggambaraké kudha-kudha silat ing candhi Prambanan lan Barabudur.

Jaman semana uga, bebrayan Indonésia wis migunakaké gaman lan 'seni bela diri' wis gathuk ora bakal bisa dipegat. Merga kaya mangkana pancen raket gayutané karo urusan agama lan kabudayan Indonésia. [6]

Budaya dagang ing jaman semana uga dadi sawijiné faktor kang mbentuk béla dhiri kang ana ing nuswantara. Akéh wong dodolan sakan nagara liya kaya ta saka Cina, India lan Eropa. Mula, silat mau iku ngrembaka lan akulturasi karo budaya ing jaman semana.

Budaya Populér[besut | besut sumber]

Potret Prabu Siliwangi.
Panembahan Senapati
Damar wulan ing Serat Damar Wulan.
Gathutkaca (wayang).

Biyasané conto-conto pandhékar kang biyasané ana ing hikayat-hikayat lan moncér nganti jaman seprene:

Wiro Sableng[besut | besut sumber]

Wiro Sableng, utawa biyasan diarani Pandhékar 212. ya iku lakon fiksi ing serial novel karyané Bastian Tito. Wiro Sableng duwé guru kang manéhi akéh ngelmu. Lakon Wiro Sableng iki kalebu lakon legendharis kang duwéni kesaktian. Lakon iki uga ana bentuk carita lan wis ana ing TV.[7]

Prabu Siliwangi[besut | besut sumber]

Lakon iki ya iku lakon saka kraton Sundha lan Padjajaran. Lelakon Prabu Siliwangi kuwi dijupuk saka carita legendha Prasasti Batutulis. olon Siliwangi iku moncér dadi panguwasa kang wicaksana lan remen nolong liyan. Piyambaké uga dikenal duwéni ngelmu kadigdayan kang kuwat, mula moncér sak nuswantara. Kacarita Prabu Siliwangi iku bisa dadi macan putih.[7]

Jaka Tingkir[besut | besut sumber]

Pandhékar kang kawit cilik wis duwéni kasaktiyan lan dadi pangréhpraja ing kraton Pajang, Jawa Tengah. Mula bukané kraton iki amarga ana perang Jaka Tingkir karo Arya Penangsang. Ing prang iki, Jaka Tingkir menang.[7]

Angling Dharma[besut | besut sumber]

Prabu Angling Dharma ya iku sawijiné pandhékar kang sakit mandraguna lan bisa ngomong karo manéka werna kéwan. Uga duwéni kana kang béda ya iku naga. Naga iki pancén setya lan mbiyantu nalika dhèwéke lagi susah. Pancén kawit lair wis bagus tur duwéni wibawa.[7]

Arya Kamandanu[besut | besut sumber]

Arya kamandu iku sawijiné lakon kang ana ing carita 'Tutur Tinular'. Lakon iki moncér kanthi ngelmu kanuragan kang prigel. Carita iki lataré nalika jaman Majapahit. Duwéni jiwa kasatriyan lan bisa numpas mungsuh-mungsuhé. Arya Kamandanu iku duwé gaman arané Pedang Naga Puspa. Gaman iki saka diwénéhi wong kang lagi dagang saka Cina.[7]

Si Buta dari Gua Hantu[besut | besut sumber]

Lakon iki moncér saka klambiné kang wernané ijo lan kancanan karo kethék. Kethéké senengé manggon ana ing pundhak pandhékar iki. Sanajan duwéni kakurangan, Pandhékar kang wuta iki duwé ngelmu kang sakti. Lakon iki diciptaké déning pangripta komik Indonésia Ganes ing taun 1960. Lakon iki tau digawé film taun 1970 kanthi irah-irahan ''Si Buta dari Gua Hantu.[7]

Damar Wulan[besut | besut sumber]

Lakon iiki yaiku legendha saka carita ing bebrayan Jawa. Lelakon kang moncér ana ing bebrayan uga ana akék vérsi critané lan kang pemerané. Damar Wulan digambarake dadi wong enom kang bagus lan sekti mandraguna. sawijé carita kang moncér iku nalika dhèwéké adu lawan karo Minakjingga kanggo ngrebut Sri Ratu Kencanawungu. Adu tandhing iki Damar Wulan menang.[7]

Gatotkaca[besut | besut sumber]

Gatotkaca iku lakon ing Mahabharata kang dadi putra saka Bimasena (Bima). Gatotkaca duwéni kesaktiyan kang kuwat banget. Dicritakaké yén Gatotkaca iki bisa mabur. [7]

Jaka Sembung[besut | besut sumber]

Jaka Sembung iku lakon kand digawé saka komik utawa lakon ing buku. Lakon iki duwéni pangripta kang arané Djair Warni ing taun 1960-an. Jaka Sembung moncér dadi jawara Kandhanghaur. Ing kéné Jaka Sembung dadi lawan saka pangréhpraja Walanda. Ing taun 1981 lakon iki didadékaké film aknthi aktor Barry Prima.[7]

Brama Kumbara[besut | besut sumber]

Lakon Brama Kumbara iku sawijiné lakon kang dadi sandhiwara, bisa uga diarani kethoprak ana ing radhio Saur Sepuh kang moncér ing jamané. Dhèwéké dadi waris saka kraton Madangkara. Kethoprak iki dijupuk panggonané ana ing zaman Kraton Majapahit, nalika Raja Hayam Wuruk. Brama Kumbara uga diangkat dadi film.[7]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Hasil Pencarian - KBBI Daring". kbbi.kemdikbud.go.id. Dijupuk 2019-12-10. 
  2. a b c Zainal Abidin Shaikh Awab. (2006). Silat tua : the Malay dance of life (ed. Living tradition ed). Kuala Lumpur, Malaysia: Azlan Ghanie (M). ISBN 978-983-42328-0-1. OCLC 173136987. 
  3. Woodhead, Linda,; Partridge, Christopher H. (Christopher Hugh), 1961-; Kawanami, Hiroko,. Religions in the modern world : traditions and transformations (ed. Third edition). Abingdon, Oxon. ISBN 978-0-415-85880-9. OCLC 916409066. 
  4. Wijanarko, Bambang (2007). Pendidikan Jasmani, Olahraga, dan Kesehatan. Jakarta: Ganeca. ISBN 9797447251. 
  5. Mardotillah, dan Mochammad Zein, MIla (2016-12-01). "Silat: identitas Budaya, Pendidikan, Seni Bela Diri, dan Pemeliharaan Kesehatan". Jurnal Antropologi: isu-isu Sosial Budaya 18. 
  6. Draeger, Donn F. (1995-01-01). Weapons and fighting arts of Indonesia. Rutland, Vt.: Charles E. Tuttle Co. ISBN 0-8048-1716-2. OCLC 36143801. 
  7. a b c d e f g h i j "10 Tokoh Pendekar Khas Indonesia yang Wajib Kamu Ketahui". SINDOnews.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-21.