Panganggo:FarisJamal/bak wedhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Antropolog[besut | besut sumber]

Ruth Fulton Benedict (1887-1948) iku sarjana antropologi wanita saka Amérika kang kawentar. Benedict miwiti sinau antropolgi ing Universitas Columbia ing naungan F. Boas, lan oléh gelar Ph. D. ing taun 1923. Disertasiné yaiku The Concept of the Guardian Spirit in North America. Daérah kerja lapangané iku ing suku-suku bangsa India ing Amérika kaya déné ing suku bangsa Indian Pueblo Zuni taun 1925 lan suku bangsa Indian Pima taun 1927 ing Arizona. Kasil pengolahan panelitiané sing kerja lapangan iku digawé buku rong jilid, judulé Zuni Mythology. Ing antara karyané kang akéh, ana karya tulisané kang kawentar ngambra-ambra yaiku Patterns of Culture taun 1934. Benedict nganjurké cara anyar ing mandhang kabudayan-kabudayan manusa yaiku dudu minangka sawiji kumpulan sing unusr-unsur baé kang lepas siji lan liyané, nanging minangka sawji kumpulan kompléks kejaring, dhuwé arti, watak, lan jiwa. Ahli antropologi duwé kuwajiban kanggo nyelemi jiwa sing sawiji kabudayan.

Si Bawang Puti bari si Bawang Abang[besut | besut sumber]

Ana wong duwè anak wadon siji, aranè si bawang puti. Bareng anu bokè mati, bapaè rabi maning, duwè anak wadon aranè si Bawang abang.

Ning sawiji dina si Bawang puti dikongkon basu cangkir ning baé kewalon, cangkir toli digawa dibasu ning pinggir kali, lagi dibasui cangkire mrucut kecemplung ning jero kali.

Bawang puti balik wewara  ning baè kewalon; baè kewalon nyèwot , si Bawang puti diumbangi entok bresi  sarta dikongkongogoni. Bawang puti lunga ning pinggir kali ketemu lagan  iwak wader. Bawang puti takon ning iwak wader bari nembang: “Iwak wader, iwak wader nemu beli cangkir kita, dho cècè, dho cècè, ala budak katician”.

Iwak wader nyauri: “Embu, kita ma beli weru, takona baè ning kandhang  Sepat”.

Bawang puti takon ning kandhang Sepat bari nembang kaya mau. Kandhang Sepat nyauri: “Beli weru, takona baè ning kandhang Boncèl”.

Bawang puti takon ning kandhang Boncèl bari nembang kaya sing uwis. Kandhang Boncèl nyauri: “Embu, kita si beli weru, takona baè ning kandhang Buaya buntung”.

Boca wadon takon ning kandhang Buaya buntung bari nembang kaya sing uwis. Kandhang Buaya buntung nyauri: “Mengko entènana Bawang puti, tonggonana dhingin anak kita, ayun-ayunen”.

Bawang puti toli  nonggoni anakè kandhang Buaya buntung, di ayun-ayun ditembangi: “Bagus pisan bagus pisan anakè si Buaya buntung, ambuè wangi kaya dhèdhès, awakè lenjang kuning”.

Tembangè si Bawang puti krungu ning Buaya buntung, kebungaen pisan. Buaya buntung toli lunga kebonè gawa karung; toli diisèni kunir, laos, wowoan, gegodhongan, lagan segala rupa baè dianjingaken ning karung toli dinèkaken ning si Bawang puti. “Nya, iki Bawang puti gawanen balik, aja dibuka-buka baka  durung teka ning uma”.

Bawang puti balik bari gèndhong karung, ning dalan kodanan sampè teles kebes. Teka ning omaè jaluk lawang ning bokè kewalon: “Ema, ema, bukakena lawang kitaè”. Embokè kewalon nyauri: “Embu. Kita ma beli duwè anak siraè”.

Toli jaluk lawang ning bibiyè, diwangsul: “Kita ma dudu bibinira”, toli ning nyaiè, diwangsul: “Kita ma dudu nyainira, beli duwè putu kaya sira”. Bawang puti jèngkèl  lunga ning umaè tanggaè jaluk lawang: “Nyai, nyai, kita jaluk lawang mèlu ngaubè”.

Nyai, nyai kang duwè uma buka lawang: “Mrènè nok manjing, melas pisan sira ku”.

Ning kono karung dibuka, isiè dadi emas, pèrak, klambi sutra, tapi sutra, slèndhang sutra, serta rupa-rupa barang. Sandhangan sutra-sutraän, diisisi ning nyai –nyai kang duwe uma kuen. Embokè kewalon weru si Bawang puti dadi sugi, anakè si Bawang abang dikongkon niru. Bawang abang toli gawa cangkir ning pinggir kali, dikosoki toli dicemplungaken; wis mengkonon toli balik ngomong ning embokè: “Ma, ma, cangkirè kecemplung”. Jarè bokè: “Gogonana, takon-takona”. Bawang abang takon ning iwak wader, kandhang Boncèl, Sepat sampè ning Buaya buntung. Ning Buaya buntung dikongkon nonggoni anakè. Si Bawang abang nonggoni anakè si Buaya buntung bari ditembangi: “Bacin pisan, bacin pisan anakè si Buaya buntung, rupaè ireng mambu bathang”.

Tembangè Bawang abang krungu ning Buaya buntung beli kaènaken pisan; toli lunga ning kebonè gawa karung diisèni sing mandi-mandi, yaiku ula, klabang, kalajengking, uler; apa baè sing mandi-mandi diupaaken ning si Bawang abang.

Sing diupai balik; teka ning umaè ketemu lagan embokè, “Mrènè gagèan manjing, lawang kabè tutupen”. Karo toli dibuka, metu sing sarwa mandi saking jeroè karung, ngantupi, nyokoti ning si Bawang abang bari embokè, wong loro mati kabè. Ari  si Bawang puti ma dadi mulia sugi.