Kedung Pedut

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Grojogan Kedung Pedut inggih menika kawasan wisata ing tlatah Pegunungan Menoreh, langkung jumbuh ing Kecamatan Girimulyo, Kabupaten Kulon Progo. Kawasan punika wonten ing 462 meter nginggilipun laut. Désa Jatimulyo menika jarakipun kirang langkung tigang ndasa kilomèter saking kutha Ngayogyakarta lan nembelas kilomèter saking Wates.Désa Jatimulyo menika kahananipun pegunungan. Kathah sanget kali-kali ingkang wonten ing désa Jatimulyo. Tlatah punika nggadahi potensi longsor amargi wonten ing daérah pegunungan. Ing sasi tartamtu, udan kanthi deres lan angin kanthi banter saged ngambrukaken uwit-uwit ing wilayah punika. Ing musim ketiga, asring sanget kekirangan toya. Grojogan Kedung Pedut menika taksih setunggal kompleks kalihan grojogan Kembang Soka, Taman Sungai Mudal, Grojogan Sewu, lan taksih kathah malih. Grojogan Kedung Pedut tesih asing utawi saged ugi mboten. Menawi boten kléntu kémutan, tlatah punika naté dados papan wonten ing adicara tv ingkang témanipun dolan-dolan wonten ing salah satunggaling acara tv swasta. Kaéndahanipun, pancén saged ngalahaken mapinten-pinten grojogan utawi curug ingkang sampun misuwur ing Daérah Istiméwa Yogyakarta. Kaunikan saking grojogan menika wonten ing werninipun toyanipun ingkang nggadhahi kalih werni inggih menika ijo tosca lan pethak. Kawasan menika nembé dipunbuka kagem umum ing tanggal 15 Fébruari 2015.

Sejarah[besut | besut sumber]

Kedung Pedut menika asalipun saking kalih tembung, inggih menika kedung ingkang nggadhahi teges toya ngemplung, lan pedut ingkang nggadhahi teges jero. Dados kedung pedut menika nggadhahi makna utawi teges inggih menika toya ngemplung ingkang jero. Dipuntingali saking jeronipun inggih menika cekap jero, inggih menika kalih dumugi tigang meter. Wahananipun wonten ing lokasi menika wonten kolam kagem renang kanthi kondisinipun toya ingkang bening. Wahana jembatan ugi mercusuar dipundamél ugi dipunkelola kalihan pengelola, inggih menika warga ing Dusun Kembang, semana ugi wahana flying fox inggih menika wahana ingkang taksih énggal. Wahana flying fox dipundamel kanthi gotong royongipun kaliyan pihak sanesipun. Pengelola lokasi wisata grojogan Kedung Pedut menika asalipun saking penduduk ing sakiwa tengenipun lokasi wisata. Toya saking tigang grojogan utawi curug menika asalipun saking sumber toya ingkang wonten ing lokasi wisata Taman Sungai Mudal ingkang papanipun ing nginggil lokasi wisata curug Kedung Pedut.

[1]Miturut saking pengelola wisata, setunggal minggu wonten langkung saking 850 tiyang ingkang sanjan ing grojogan Kedung Pedut punika. Promosi ingkang diginakaken kaliyan pengelola grojogan Kedung Pedut ngagem média sosial kados twitter, facebook ugi instagram lan ngagem blog ingkang dipundamel kaliyan waarga kanthi dipunbiyantu kaliyan Mahasiswa KKN UGM. Promosi ingkang dipunginakaken saliyanipun ngangem média sosial lan blog, ugi dipunlakokaken léwat tiyang-tiyang ingkang naté sanjan wonten ing lokasi wisata punika lan ngenalaken ing tiyang sanesipun.

Sarana lan Prasarana[besut | besut sumber]

Mapinten-pinten sarana ugi prasarana ingkang sapun dipunbangun wonten ing kawasan punika inggih menika kados kursi, jembatan saking kayu, warung-warung ingkang nyade maeman, musholla, kamar mandi, ruangan kagem ganti, lan taksih kathah malih. Wonten ingkang narik kawigatén ing kawasan punika, menawi renang saged lompat saking nginggil jembatan kayu. Lahan kagem parkir wonte ing lokasi wisata punika sampun wonten lan dipunkelola kalihan warga Dusun Kembang. Lahan parkir punika cekap ageng, mobil sampun saged mlebet, ananging nalikanipun dinten Sabtu utawi Minggu lahan parkir kadangkala boten cekap kagem kendaraan mlebet sedanten. Kondisi menika kedah wonten pembangunanipun malih lahan parkir supados nalikanipun wisatawan dhateng kanthi cacahipun kathah saged nyekapi lahan parkiripun.

Sarana sanèsipun ingkang wonten ing grojogan Kedung Pedut kagem nunjang kagiyatan wisata inggih punika kamar mandi. Kamar mandi inggih punika kabutuhan ingkag wigati kagem njangkepi kabutuhan wisatawan. Kamar mandi ingkang wontening grojogan Kedung Pedut miturut observasi ing lapangan kirang njangkepi. Kamar mandi cacahipun wonten sekawan. Cacahipun kamar mandi kirang njangkepi menawi dipuntingali saking cacahipun wisatawan ingkang dhateng ing grojogan Kedung Pedut.

[2]Wujudipun partisipasi saking kagiyatan pariwisata inggih punika dados juru parkir, penjaga rétribusi, ugi tiyang ingkang sadé jajanan utawi pedagang. Pedagang wonten ing lokasi wisata ngginakaken warung minangka sarana kagem nyadé daganganipun. Warung kagem nyadé dagangan cacahipun wonten pitu. Warung-warung punika kasebar wonten ing njawi ugi wonten ing salebetipun lokasi wisata.warung ing tlatah wisata punika nyadé panganan lan omben-ombenan, ananging pedaagang ingkang nyadé souvenir déréng wonten. Penghasilanipun ugi boten netep saben dintenipun. Kahanan punika amargi wisatawan boten netep ing saben dintenipun. Boten netep cacahipun wisatawan saged dados pengaruh kagem kahanan ékonomi masyarakat sakiwa tengenipun. Potènsi wisata ingkang wonten ing grojogan Kedung Pedut punika saged maringi kontribusi kagem masyarakat ing sakiwa tengenipun grojogan Kedung Pedut.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Fattah, Abdul (2017 Januari). "KEANEKARAGAMAN DAN PERSEBARAN ANURA DI TAMAN WISATA AIR TERJUN KEMBANGSOKA DAN KEDUNGPEDUT, KULON PROGO, DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA". PROSIDING SEMNAS BIODIVERSITAS.  |first2= kurang |last2= ing Authors list (pitulung); Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. Herlambang, Dian Dinta (2016). [journal.student.uny.ac.id/ojs/index.php/geo-educasia/article/download/2489/3406 "DAMPAK PARIWISATA TERHADAP KONDISI SOSIAL DAN EKONOMI PENDUDUK SEKITAR LOKASI WISATA AIR TERJUN KEDUNG PEDUT DI DUSUN KEMBANG, DESA JATIMULYO, KECAMATAN GIRIMULYO, KABUPATEN KULONPROGO"] Priksa gandra |url= (pitulung). Journal Student UNY.  line feed character ing |title= ing posisi 54 (pitulung)