Menyang kontèn

Dhongkrèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Dongkrek)

Dongkrèk inggih punika kangunan saking Caruban ingkang sakmenika dados Kacamatan Mejayan, Kabupatèn Madiun. dongkrèk punika dipundamel déning Radèn Ngabèi Lo Prawirodipura minangka demang wonten ing Caruban. Dongkrek punika taksih ngrembaka dumugi sakmenika. Ing mejayan taksih kathah Pagelaran Dongkrek kadosta wonten ing larung sesaji, Karnafal ugi festival tari . Sanggar Dongkrèk ingkang misuwur kanthi sakmenika inggih punika Sanggar Dongkrèk Krida Sakti Kaliyan Satria Manggala.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Taun 1879-an ing tlatah Caruban punika wonten Pageblug ingkang saged damel lélara kaliyan pati. Wiwitanipun tlatah Caruban ingkang dipunpangarsani déning Radèn Tumenggung Prawiradipura punika tansah tentrem ugi aman. Lajeng ki Tumenggung Prawirodipura mundur saking jabatanipun kagem jabatan ingkang langkung inggil, lajeng Caruban boten gadhah demang utawi pangarsa. Masarakat pitados menawi Keris Sakti ingkang wonten ing tlatah caruban boten dipunasta kaliyan demang utawi palang, roh alus ugi genderuwo bakal maringi pageblug wonten ing tlatah punika. Masarakat wonten ing caruban punika kathah ingkang sakit, nalika énjing sakit sonten seda ugi nalika sonten sakit énjing séda. Para masarakat kapéngin Radèn Ngabei Lo Prawirodipura minangka putra saking Radèn Tumenggung Prawirodipura purun dados demang utawi palang ing caruban. Lajeng Radèn Prawirodipura tapa wonten ing gunung kidul Caruban supaya saged mangertosi kados pundi supaya pageblug lan wabah penyakit ing tlatah Caruban saged dipuntundhung. Ing tapanipun Radèn Prawirodipura angsal wangsit kagem nundhung pageblug ingkang wonten ing Caruban. Pageblug ugi wabah punika dipundamel dening Makhluk alus ( dhedhemit ) ingkang ala atine utawi kempalaning genderuwo. Kagem nolak bala tundhung dhedhemit ugi kempalaning Genderuwo punika kedah ngagem alat, mila dipundamel dongkrèk ingkang nyariyosaken patundhungan roh alus ugi genderuwo, supados pageblug ingkang wonten ing caruban saged enggal pindhah.[1]

Pagelaran

[besut | besut sumber]

Pagelaran dongkrèk punika nyariyosaken menawi wonten kempalanipun buta utawi genderuwo ingkang ndamel rerusuh wonten ing dhusun. Kathah masarakat ingkang ajrih amargi wonten pageblug ingkang saged damel lelara ugi krisis pangan. Lajeng ing salebetipun dongkrèk punika nyariyosaken menawi wonten tiyang tuwa sakti mbeta tongkat ingkang saged ngusir buta utawi genderuwo. Ugi wonten kalih tiyang estri punika nggambaraké masarakat ingkang lemah amargi pageblug ingkang wonten ing dhusun. Punika ugi wonten penari lan pemain gamelan kagem ngiringi kangunan dongkrèk.[2]

Gamelan

[besut | besut sumber]

Bedug kaliyan Korèk punika minangka gamelan ingkang dadosaké titikan saking Dongkrek. Dongkrèk punika saking tembung “dung” minangka bedug ugi “ krek” minangka korèk, saking swanten gamelan dung ugi krek lajeng masarakat maringi nama kabudayan kasebut dados “Dongkrek”. Gamelan ingkang wonten ing salebetipun dogkrèk inggih punika : gong kempul, gong bèri (minangka gong pugkasan inggih punika tandha pungkasane 1 lagu), kendang, kentongan pring, korèk( punika ingkang dadosaken titikan wonten ing swanten dongkrek). Bedug ( gamelan tabuh kados kendang ananging luwih ageng), kenong (gong alit).

Topèng

[besut | besut sumber]

Topeng Raden Ngabei Lo prawirodipura punika nggambaraké watak ksatria ugi wicaksana, tiyang inggang saged nundung pageblug. Topèng Roro Ayu, Topèng Roro Ayu punika nggambarake wanita ingkang ayu, sopan ugi solah bawanipun. Topèng Roro Perot punika minangka wanita panggoda. Topèng Genderuwo abrit punika nggambarake watak ingkang gampang nesu, émosional, kasar, kaku ugi remen damel masalah . Topèng Genderuwo cemèng Punika nggambaraké watak ingkang kesèd (malas) remen nedhi kathah ananging boten purun nyambut gawé. Topèng Genderuwo pethak Nggambaraké watak ingkang saé, gadhai tatakrama punika lambangipun napsu mutmainah. Topèng Genderuwo ijem Nggambaraké watek ingkang ksatria, tanggung jawab, santun ananging amung dados panutup kamegahan ugi kemèwahan atas kawontenan banda dunya. Topèng Genderuwo Kuning Nggambarake napsu supiah ingkang gadhai jiwa ksatria, wani nanggung dosa, gadhai tatakrama. Sipat Topèng Genderuwo kuning punika ameh padha kaliyan Topèng Genderuwo ijem ingkang remen kamegahan ugi kamèwahan atas kawontenan banda dunya.

Nilai-nilai

[besut | besut sumber]

Dongkrèk punika minangka kangunan ingkang saged kita uri-uri ugi saged dipunlestariaké supados teras misuwur. Saged dipunmangertosi menawi dongkrek punika gadhai budi luhur, wiwit spiritual, kabecikan, moral ugi kapemimpinan ingkang gadhai kathah pitedah-pitedah kagem masarakat urip bebrayan. Mila dongkrèk punika asring dipunwontenake ing larung sesaji lan reresik dhusun. Kangunan punika dados ciri kabudayan masarakat mejayan ( caruban ) ingkang maringi weling menawi sedaya tumindak ala bakal lebur kaliyan kabecikan ugi kabeneran. Nilai-nilai salebetipun dongkrèk inggih punika spiritual, moral, kepemimpinan, keadilan, kasejahteraan, ugi kabecikan. Kita minangka nememan kedah nglestantunaken supados dongkrèk teras misuwur.

Rujikan

[besut | besut sumber]
  1. Setia, Beni (2016). Dongkrek, Upacara Mengusir Pageblug. Jakarta: Direktur Kepercayaan Terhadap Tuhan YME dan Tradisi. ISBN 978-602-6477-09-5.
  2. Muhammad, Hanif (2016-12-02). "Kesenian Dongkrek (Studi Nilai Budaya dan Potensinya Sebagai Sumber Pendidikan Karakter)". Gulawentah:Jurnal Studi Sosial. Volume 1: 132–141. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)