Suku Doria
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 526 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Suku Doria (basa Yunani: Δωριεῖς, Dōrieis, tunggal Δωριεύς, Dōrieus) inggih menika satunggal saking sekawan suku bangsa utami ingkang dados leluhur ing bangsa Yunani kuno.[1] Wonten ing mitologi Yunani, leluhur saking Suku Doria inggih menika Doros, putra saking Hellen.
Nama Doria menika kaginakaken déning Homeros wonten ing karyanipun, Odisseia,[2] ugi dipunsebataken bilih suku kasebut mapan wonten ing Pulo Kreta. Dene Herodotos nyebat suku Doria menika kanthi nama ethnos[3] ingkang dados wiwitaning tembung etnis. Suku Doria menika tiyang ingkang kalebet wonten ing suku bangsa Hellenes. Suku Doria kagungan manéka cara gesang lan organisasi sosial. Pagesangan Suku Doria gadhah variasi wiwit saking pusat perdagangan ingkang wonten ing kutha Korinthos, ingkang kawéntar saking seni lan arsitekturipun dumugi negara militer ingkang katutup kados Lakedaimon utawi Sparta.
Suku Doria lajeng dipunpérang-pérang malih dados kelompok ètnis ingkang kapisah lan kadang kala sami mungsuhan. Padatanipun nama kelompok ètnisipun asalipun saking papan suku kasebat. Wonten ing perang, satunggaling negara Doria asring nyuwun pambiyantu dhateng negara Doria sanèsipun. Suku Doria menika ngginakaken dialek piyambak ingkang dipunwastani dialèk Yunani Doria. Kejawi menika ciri sosial lan tradisi sejarah Suku Doria ugi béda saking suku Yunani sanèsipun. Nalika abad kaping 5 SM, Suku Doria lan Suku Ionia menika kalebet kalih kelompok ètnis ingkang paling gadhah pengaruh. Masalah antawisipun suku kalih menika ndadosaken Perang Peloponnesos.
Wonten kathah versi ingkang ngandharaken babagan asal-usul Suku Doria. Setunggal teori ingkag dipunpitadosi nalika masa kuno ananging déréng nate kabukti inggih menika bilih Suku Doria kasebut asalipun saking dhaérah paredèn ing timur laut Yunani, Makedonia kuno, lan Epiros. Lajeng nglampahi dhateng Peloponnesos, tumuju Pulo-pulo Aigea tartamtu, Yunani Besar, Lapithos lan Kreta. Teori babagan Suku Doria sanèsipun ngandharaken bilih Suku Doria menika saking Asia Alit lajeng migrasi kanthi liwat Yunani timur laut sarta mapan wonten ing Yunani kidul utawi migrasi saking pesisir kilen Asia Alit lan pindhah dhateng pulo-pulo Aigea sarta tumuju Yunani kidul.
Cathetan suku[sunting]
Pranala njawi[sunting]
- The Dorians, University of Minnesota Ancient Greek Civilizations site
- Myres, John Linton (1910-19-11). "Dorians". The Encyclopedia Britannica: a Dictionary of Arts, Sciences, Literature and General Information (11) 8. Cambridge, England and New York (printed): Cambridge University Press, Online Encyclopedia. Pages 425–428. Diakses pada 2008-01-04. Note that the online edition omits the critical bibliography, which features works only in German, and includes Müller but not Kretschmer. Also the online version runs paragraphs and section headings together. The paragraph division is not the one of the article.
- S.W.J. Lamberts, The ethnicity of the sea peoples
- George Hinge, Scythian and Spartan Analogies in Herodotos’ Representation
- "Makedonia". Pan-Macedonian Network. Pan-Macedonian Association. http://www.macedonia.com/english. Retrieved 29-12-2007.