Suku Batak Toba
Suku Batak Toba iku kalebu bagéyan saka suku bangsa Batak. Suku Batak Toba manggon ing Kabupaten Toba Samosir.[1] Kabupaten iki nduwèni wilayah yaiku Balige, Laguboti, Parsoburan, lan sakupengé.[1] Suku Batak Toba kalebu suku kang seneng bisnis lan nduwéni usaha.[1] Wiwit jaman biyèn, suku batak Toba kalebu suku kang kerep nglaksanakake upacara adhat ing saben kagiyatan. [2]Ananging saiki anané upacara adat iki kerep nggawe beda pendapat sanajan ora nyebabaké konflik.[2] Iki kasebabaké amarga faktor agama, akehé etnik lan asal etnis, defusi adat yaiku campuré adhat saben etnis kayata anané perkawinan ing suku kang beda.[2] Saliyané iku uga amarga faktor globalisasi.[2] Tokoh adat Raja Patik Tampubolon nglompokaké geseré adat iku dadi telu yaiku anané telu pelaksanaan upacara adat.[2] Upacara adhat iku kabagi dadi Adat Inti, Adat na Taradat, lan Adat na Niadathon.[2] Ananging saiki ana siji maneh tata cara upacara adhat Batak yaiku Adat na Soadat.[2] Sistem kekerabatn Suku Batak Toba diatur ing sistem sosial kemasyarakatan kang diarani dalihan na tolu kang tegesé tungku yang tiga. [3]Ana telu pilar dhasar kang nglandhasi sistem iki yaiku hula-hula, anak boru, lan dongan tubu.[3]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.