Shen Congwen

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Shen Congwen lan bojone Zhang Zhaohe

Shen Congwen(沈从文) yaiku jeneng pena saka Shen Yuehuan (沈岳煥), sawijining penulis kontemporer[1] lan arkéolog saka Cina.[2] Dikenal kanthi gaya penulisané kang éndah lan ngemu nuansa klasik Cina.[1] Karyané kang dikenal yaiku Bian Cheng (边城)[1] Dheweke kerep nulis ngenani perasaan manungsa lan panguripane manungsa.[1]

Wiwitané dhèwèké antuk inspirasi akèh saka penulis Lu Xun kang akèh nulis ngenani kampung asal.[2] Saya suwé karyané Shen Congwen dadi karya ngrembug ngenani panguripan kang seimbang antarané fisik lan spiritual lan sifat dhasar manungsa kang ilang amarga modhèrnisasi.[2] Dhèwèké mratélakaké yèn masyarakat wektu kuwi wiwit dadi hipokrit lan korup.[2] Tema ngenani gambaran masarakat kelas ngisor dadi proritas Shen Congwen nalika ngritik negara.[2] Shen Congwen duweni gaya kang beda nalika nulis lan uga ngusadani penulis modern, Wang Zengqi, Ye Weilin lan Gu Hua.[2]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d (zh) Zhao, Zhangzheng(赵长征). (2007). Wenxue Zhuanye Hanyu Jiaocheng (文学专业汉语教程). Beijing: Peking University Press (北京大学出版社). Hal. 15
  2. a b c d e f (en)Shen Congwen, Chinese Culture Online (Diundhuh tanggal 24 Mei 2010)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Shen_Congwen&oldid=589764"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès