Sanjay Dutt
| Sanjay Dutt | |
|---|---|
Dutt in 2010 |
|
| Lair | Sanjay Sunil Dutt 29 Juli 1959 (umur 53) Mumbai, Maharashtra, India |
| Pakaryan | Film actor, Film producer, Comedian |
| Garwa | Richa Sharma (1987–1996) (Deceased) Rhea Pillai (1998–2005) (Divorced) Manyata Dutt (2008–present) |
| Putra/putri | Trishala, Shahraan, Iqra |
| Tiyang sepuh | Sunil Dutt Nargis Dutt |
Sanjay Dutt (Hindi: संजय दत्त) (29 Juli 1959 (umur 53)) dheweké kuwi saka India, politisi uga miwiti debuté dadi aktor awit taun 1981.[1] Dheweké kuwi aktor India lan politisi, anaké bintang film Hindi Sunil Dutt lan Nargis. [1] Dheweké nikahi aktris Richa Sharma ning taun 1987, ananging garwané mau kuwi ninnggal yuswa ning tanggal 10 Desember 1996. [1] Saka Richa, dheweké anduweni anak wadon kang dijenengi Trishala.[1] Dutt nuli nikah maneh karo model Rhea Pillai ning taun 1998, ananging pisah ning taun 2005.[1] Ora suwe dhewekan, Sanjay Dutt nikah maneh karo Dilnawaz Sheikh ning tanggal 21 Oktober 2010 duwe anak kembar lanang wadon.[1]
Dutt kecatet tau ngalami ngonsumsi narkoba nalika esih sinau ning bangku kuliyah.[1] Kecanduan kasebut nganti wolung taun suwené.[1] Sawisé kaluwargané ngerti menawa Sanjay Dutt ngonsumsi narkoba, Dutt digawa maring pusat rehabilitasi ning Jackson.[1] Sawisé dinyatakaké mari saka ketergantungan obat, dheweké bali maneh maring Mumbai.[1]
Sanjay Dutt tau ditangkap amarga dituduh kalibet jaringan teroris. [1] Dheweké kabukti anduweni senjata ilegal.[1] Akiré dheweké kepaksa ngentokaké 16 sasi mlebu penjara, nganti akiré dheweké dibebasaké dening Mahkamah Agung India karo jaminan.[1] Ananging karir Sanjay Dutt ning dunia hitam durung mandhek.[1] Nalika ana bom ning Mumbai ning sasi November 1993, saka 189 terdakwa, aktor iki kalibet.[1] Polisi nemukaké bukti wujud bom granat ning omahé, mula dheweké dinyatakaké salah.[1]
Sataun sawisé kuwi, sadela dheweké dibebasaké saka penjara, kasus liya nimpa aktor iki.[1] Nalika polisi Mumbai nangkap Abdul Qayyum Abdul Karim Shaikh, pembantu cedhaké, Dawood Ibrahim kang nalika kuwi dadi buronan polisi, ngungkap menawa Dutt anduweni senjata ilegal saka Shaih.[1] Akiré Dutt dikenani ukuman enem taun penjara ning tanggal 31 Juli 2007.[1] Ananging apiké, dheweké dinyatakaké ora salah ning kasus bom Mumbai.[1]
KARIR [sunting]
Dutt sempet metu ning film kang dibintangi bapaké, kang judulé RESHMA AUR SHERA ning taun 1971 dadi pemeran pembantu.[1] Ananging dheweké bener-bener ngawali karir dadi aktor ning taun 1981 ning debut filmé kang kaping pisanan ROCKY.[1] Sawisé kuwi dheweké mulai akeh mbintangi film-film kayata nalika dadi anak, Dutt metu ning film Reshma Aur Shera 1971, dibintangi bapaké.[1] Dheweké metu sadhela dadi penyanyi qawali ning filmé kang kaping pisanan.[1] Dutt anggawe debut film Bollywood bebarengan karo Rocky ning taun 1981.[1] Dheweké mbintangi film liyané uga, kayata film 1980-an VIDHATA, JEEVA, NAAM lan TAAQATWAR.[1]
Taun 1991, akting Dutt ning film SAAJAN anggawe dheweké olih bebungah Aktor paling apik Filmfare.[1] Ning taun 1993 dheweké mbintanngi film KHAL NAYAK k anggawe dheweké olih nominasi Aktor paling apik Filmfare Award.[1] Selanjuté dheweké olih predikat Aktor paling apik ning ajang Filmfara Award amarga perané ning film VAASTAV.[1]
Ning tanggal 16 Desember 2008, dheweké diangkat dadi duta Besar Goodwill kanggo IIMSAM.[1] Lembaga iki lembaga kerjasama pemerintah kanggo mromosikaké spirulina kanggo alternatif ngurangi gizi buruk.[1] Tugasé kayata nanggulangi kemlaratan lan masalah sosial liyané.[1]
FILMOGRAFI [sunting]
Film-film kang tau dibintangi dening San Jay Dut[1]:
- ROCKY (1981)
- VIDHAATA (1982)
- JOHNY I LOVE YOU (1982)
- MAIN AWARA HOON (1983)
- BEKARAAR (1983)
- MERA FAISLA (1984)
- ZAMEEN AASMAAN (1984)
- JAAN KI BAAZI (1985)
- DO DILON KI DASTAAN (1985)
- MERA HAQUE (1986)
- JEEVA (1986)
- NAAM (1986)
- NAAM O NISHAN (1987)
- INAAM DUS HAZAAR (1987)
- IMANDAR (1987)
- MOHABBAT KE DUSHMAN (1988)
- KHATRON KE KHILADI (1988)
- KABZAA (1988)
- JEETE HAIN SHAAN SE (1988)
- MARDON WALI BAAT (1988)
- TAAQATWAR (1989)
- MOHABBAT KA PAIGHAM (1989)
- KANOON APNA APNA (1989)
- HUM BHI INSAAN HAIN (1989)
- HATHYAR (1989)
- DO QAIDI (1989)
- ILAAKA (1989)
- ZAHREELAY (1990)
- TEJAA (1990)
- KHATARNAAK (1990)
- JEENE DO (1990)
- KRODH (1990)
- THANEDAAR (1990)
- YODHA (1991)
- SADAK (1991)
- QURBANI RANG LAYEGI (1991)
- KHOON KA KARZ (1991)
- FATEH (1991)
- DO MATWALE (1991)
- SAAJAN (1991)
- JEENA MARNA TERE SANG' (1992)
- ADHARM (1992)
- SAHEBZAADE (1992)
- SARPHIRA (1992)
- YALGAAR (1992)
- SAHIBAAN (1993)
- KHAL NAYAK (1993)
- KSHATRIYA (1993)
- GUMRAH (1993)
- ZAMANE SE KYA DARNA (1994)
- INSAAF APNE LAHOO SE (1994)
- AATISH (1994)
- AMAANAT (1994)
- JAI VIKRAANTA (1995)
- ANDOLAN (1995)
- NAMAK (1996)
- VIJETA (1996)
- SANAM (1997)
- MAHAANTA (1997)
- DUS (1997)
- DAUD (1997)
- DUSHMAN (1998)
- DAAG: THE FIRE (1999)
- KARTOOS (1999)
- SAFARI (1999)
- HASEENA MAAN JAAYEGI (1999)
- VAASTAV: THE REALITY (1999)
- KHOOBSURAT (1999)
- KHAUFF (2000)
- BAAGHI (2000)
- CHAL MERE BHAI (2000)
- JUNG (2000)
- MISSION KASHMIR (2000)
- KURUKSHETRA (2000)
- RAJU CHACHA' (2000)
- JODI NO.1 (2001)
- PITAAH (2002)
- HUM KISI SE KUM NAHIN (2002)
- YEH HAI JALWA (2002) (UNCREDITED)
- MAINE DIL TUJHKO DIYA (2002)
- HATHYAR (2002)
- ANNARTH (2002)
- KAANTE (2002)
- EK AUR EK GYARAH (2003)
- LOC KARGIL (2003)
- MUNNABHAI M.B.B.S. (2003)
- PLAN (2004)
- RUDRAKSH (2004)
- DEEWAAR (2004)
- RAKHT: WHAT IF YOU CAN SEE THE FUTURE (2004)
- MUSAFIR (2004)
- SHABD (2005)
- TANGO CHARLIE (2005)
- PARINEETA (2005)
- DUS (2005)
- VIRUDDH... FAMILY COMES FIRST (2005)
- SHAADI NO. 1 (2005)
- EK AJNABEE (2005)
- VAAH! LIFE HO TOH AISI! (2005)
- ZINDA (2006)
- TATHASTU (2006)
- ANTHONY KAUN HAI (2006)
- LAGE RAHO MUNNA BHAI (2006)
- EKLAVYA: THE ROYAL GUARD (2007)
- NEHLLE PE DEHLLA (2007)
- SARHAD PAAR (2007)
- SHOOTOUT AT LOKHANDWALA (2007)
- DHAMAAL (2007)
- OM SHANTI OM (2007)
- DUS KAHANIYAN(2007)
- ANTHONY KAUN THA (2008)
- MOHABBAT HO GAYE TUMSE (2008)
- ALIBAUG (2008)
- JAAN KI BAZZI (2008)
- WAJAHAT THE KING (2008)
- MUNNA BHAI CHALE AMERIKA (2008)
- BASEERA (2008)
- BLUE (2008)
- MUNNA BHAI (2011)[2]