Saddam Hussein
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Saddam Hussein Abd al-Majid al-Tikriti (Arab: صدام حسين عبد المجيد التكريتي Saddām Husayn Aabdu-Al-majīd al-tikrītī[1]; 28 April 1937 – 30 Desember 2006) iku Presiden Irak ing période 16 Juli 1979 nganti 9 April 2003, nalika dhèwèké mlayu amerga Irak diinvasi pasukan koalisi ing taun 2003. Minangka pemimpin Irak lan kepala Partai Ba'ath, Saddam nglakoni kawicaksanan pan-Arabisme sekulèr, modèrnisasi ékonomi, lan sosialisme Arab. Dhèwèké dadi presiden Irak ing taun 1979 lan diukum pati ing taun 2006 minangka ukuman gantung.
Ing basa Arab, jeneng Saddam tegesé wong sing sirahé atos utawa koppig utawa sing nantang (ing Irak jeneng iki uga dienggo kanggo bumper montor).