Robert H. Goddard
Robert H. Goddard yaiku penemu Roket.[1] Roket yaiku sawijining mantor mabur kang bisa mluncur kanthi cepet.[1] Jeneng dawane yaiku Robert Hutching Goddart. [1]Dheweke lair tanggal 5 Oktober 1882 ing Worcester, Amerika Serikat.[1] Bapake yaiku sawijining karyawan pembukuan, salesman, lan pengusaha cilik. [1]Nalika ana ing SD lan SMP, dheweke seneng karo samubarang kang ana gandeng cenenge karo antariksa nalika maca buku Perang Antar Dunia kang ditulis dening HG Wells.[1]
Ing buku iku dicritakake ngenani makluk luwar angkasa kang nyerang bumi. [2]Dheweke mbayangake planet Mars yaiku panggonan makluk luar angkasa kang padha nglumpuk. [2]Nalika cilik, dheweke uga kepiningin bisa ana ing planet Mars nganti dheweke munggah ana ing wit nanging kabeh mau wis mesthi gagal. [2]Pungkasane dheweke yakin menawa Gusti Kang Akarya Jagat nyiptakake dheweke supaya bisa gawe roket kang bisa ngiberake dheweke ing angkasa. [2]Buku mau bisa menehi inspirasi kanggo nyiptakake piranti kang bisa njajahi angkasa raya kanthi nggunakake sawijining montor mabur canggih kanga aman lan cepet.[2] Sawise diwasa, dheweke nyambut gawe dadi guru.[2] Wiwit kuwi, dheweke mulai nganakake panaliten kanggo gawe roket.[2] Goddart tinggal donya nalika tanggal 10 Agustus 1945.[2]