Ripon, Wisconsin
| Ripon | |
|---|---|
| — Kutha — | |
|
|
|
| Coordinates: 43°50′42″N 88°50′23″W / 43.845°N 88.83972°WKoordinat: 43°50′42″N 88°50′23″W / 43.845°N 88.83972°W | |
| Negara | Amérika Sarékat |
| Negara | Wisconsin |
| County | Fond du Lac |
| Wewengkon | |
| • Total | 40 sq mi (11,0 km2) |
| • Land | 40 sq mi (11,0 km2) |
| • Water | 0.4 sq mi (0,1 km2) |
| Populasi (2000) | |
| • Total | 6.828 |
| Zona wektu | Central (CST) (UTC-6) |
| • Summer (DST) | CDT (UTC-5) |
| Kodhe Pos | |
| Kodhe FIPS | |
| GNIS feature ID | |
Ripon iku sawijining kutha ing Font du Lac County, Wisconsin, Amérika Sarékat. Nalika taun 2000 pendhudhuké nganti 6.828 jiwa, kanthi kapadhetan pendhudhuk 1.612,8 jiwa per mil persegi (623.2/km²). Susunan rasial kutha iki yaiku 97,72% kulit putih, 0,19% kulit ireng, 0,16% pendhudhuk asli Amérika, 0,5% Asia, 0,86% saka ras liya, lan 0,57% saka 2 ras utawa luwih, lan 2,21% pendhudhuké asalé saka etnis Latino utawa Hispanik.
Kutha iki ana ing garis lintang 43° 50′ 41.66″ U lan garis bujur 88° 50′ 22.61″ B.
Kutha iki didegaké nalika taun 1849 déning David P. Mapes, tilas kapten kapal uap. Mapes mènèhi jeneng Ripon kanggo ngurmati sawijining kutha ing Inggris, Ripon. Jroning 2 taun kutha iki wis nyerep komune Ceresco sing cerak nggoné, didegaké nalika taun 1844 déning saklompok pemukim mawa paham sosialis utopis saka Charles Fourier.
Nalika taun 1854 saklompok panentang UU Nebraska patemon ing sawijining sekolah ing kutha iki (saiki dilestarèkaké minangka papan mawa sajarah) madegaké Komite Lokal pisanan Partai Républikan, ing sapérangan negara bagéyan AS lor. Patemon pisanan déning klompok sing nyebut dhèwèké "Republikan" anyar dumadi sabanjuré ing Jackson, Michigan. Wadhah pamikir Républikan, Ripon Society, njupuk jenengé saka kutha iki.