Resolusi Déwan Kaamanan PBB nomer 338
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Resolusi 338 utawa jangkepé Resolusi Déwan Kaamanan PBB nomer 338 kuwi sawijining resolusi sing diwetokaké déning Déwan Kaamanan PBB tanggal 22 Oktober taun 1973 sing diusulaké déning Amérika sarékat bebarengan karo Uni Sovyet kanggo mayungi gencatan senjata konflik ing Wétan Tengah kang dikenal minangka Perang Yom Kippur, Perang Oktober utawa Perang Ramadhan. Resolusi sing isiné telung pasal kuwi wiwit efektif rolas jam sawisé diumumaké.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Isi Resolusi
Déwan Kaamanan:[1]
- Ngajak, para pihak sing lagi perang supaya nganakaké gencatan senjata lan ngendhegaké aksi militèr ora luwih saka 12 jam sawisé kaputusan iki, ing posisi sing lagi dikuwasani.
- Ngajak, para pihak sing kagandhèng supaya énggal nglaksanakaké resolusi 242 (1967)
- Mutusaké, supaya énggal nganakaké négosiasi kanthi diseksèni (diawasi) lan nyiptakaké perdamaian sing adil lan lestari ing Wétan Tengah
[sunting] Referensi
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Déwan Kaamanan PBB nomer 338 Resolusi Déwan Kaamanan PBB nomer 338 |
- Text of Security Council Resolution 338 at domino.un.org
- Charter of the United Nations