Ranu Pani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ranu Pani

Ranu Pani yaiku sawijining danau kang mapan ing Désa Ranupani, Kacamatan Sandura, Kabupatèn Lumajang. Saka jeneng danau iku, désa mapané uga dijenengaké mengkono.[1] Danau iki mlebu ing tlatah wisata Taman Nasional Brama Tengger Semèru.[2] Ranu Pani duwèni kadhuwuran 2.100 mèter saka lumahing sagara, déné ambané ana 0,75 héktar, lan mapan ing koordinat 8°0''45,7'' LS & 112°56''45,6 BT.[3][4]

Désa mapané Ranu Pani iki katetepaké déning pamaréntah minangka désa wisata ing Taman Nasional Brama Tengger Semèru (TNBTS) lan dadi titik sapisanan kanggo pandhakian tumuju ing Gunung Semèru uga minangka désa pungkasan sadurungé munggah menyang Gunung Semèru.[3][5] Danau iku minangka danau vulkanik utawa danau kang kayasa saka kagiyatan gunung geni[6]. Ranu Pani iki uga minangka salah sawijining ranu saka 6 ranu ing komplèk Taman Nasional Brama Tengger Semèru, déné liyané kayata, Ranu Kumbala, Ranu Regula, Ranu Darungan, Ranu Tompé, dan Ranu Kuning.[7]

Étimologi[besut | besut sumber]

''Ranu'' artiné danau utawa tlaga ing basa Kawi.[6][8] Déné "pani'' artiné kuping, jalaran tlaga utawa danau iku bentuké mirip kuping, ana sumber liya kang nyebutaké manawa tembung ''pani'' saka jeneng wong yaiku Pani, mandor Walanda kang nalika Désa Ranu Pani durung ana, lan nalika iku isih dadi alas produksi.[6]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Wiwit kondhangé[besut | besut sumber]

Gapura mlebu Désa Wisata Ranu Pani

Jeneng Ranu Pani kondhang jalaran pilem ''5 cm'' ing taun 2012. Saka iku, tlatah kono dumadi dikenal amba ing masarakat malah nganti manca uga. Banjur papan iku ditata bali lan konsèpé dielih total déning Pamaréntah Lumajang kang sadurungé konsèpé amung kanggo para pandhaki gunung saiki dielih kanggo masarakat umum kang pengin ngerti kepiyé éndahing Ranu Pani.[3]

Rénovasi[besut | besut sumber]

Rénovasi jujugan wisata Ranu Pani iki uga kalebu kagiyatan pangedhukan danau, jalaran danau iku wus menangi sédimèntasi kang akèh, dana kanggo ngedhuk danau iku gedhéné nganti 7,5 milyar jalaran uga ditambah kelawan pirang-pirang sarana kang kudu diyasa liyané. Rénovasi iki wigati banget amarga Ranu Pani uga sakomplèk ing Gunung Brama kang akèh wisatawané.[9] Ing taun 2021 désa mapané Ranu Pani iki kalebu ing 50 désa wisata paling becik sajroning Desa Wisata Indonesia Bangkit Anugerah Desa Wisata Indonesia 2021 kang diwènèhaké langsung déning Mantri Pariwisata lan Ékonomi Kreatip, Sandiaga Salahuddin Uno.[10]

Suhu lan kaaseman[besut | besut sumber]

Ranu Pani kang mapan ing 2.100 mèter saka lumahing sagara iku duwèni suhu banyu antara -4 tumeka 25°C, déné suhu rata-ratané 18,4°C.[6][11] Kajeroning Ranu Pani ana 14 mèter. Kadar kaaseman banyu Ranu Pani manawa diukur lumantar PH mèter yaiku ing angka 5,3, déné kadar banyu normal iku antara 6,5 nganti 8,5. Banyu Ranu Pani ora bisa diombé amarga ora becik kanggo kuliting manungsa.[6]

Flora lan fauna[besut | besut sumber]

Flora[besut | besut sumber]

Kecathet ana 71 wit-witan kang ana ing saubengé danau. Déné végétasiné kayata cemara gunung (Casuarina junghuhnia), akasia (Acacia decurens), kipres (Cupressus sp.), lan Persilon (Accacia auriculiformis).[6]

Fauna[besut | besut sumber]

Ana pirang-pirang spèsiès kéwan kang ana ing sakiwa-tengening Ranu Pani kayata, a. Mamalia: bajing klapa (Collosciurus notatus), curut (Suncus murinus), kidang (Muntiacus muntjak), lan cèlèng (Sus schrofa), b. Manuk: drekuku (Streptopelia chinensis), elang ireng (Ictinaetus malayensis), bentet klawu (Lanius schach), lan sepah gunung (Pericrocotus miniatus), c. Rèptil: ula lemah (Macrocalamus lateralis).[6]

Kahanan beku[besut | besut sumber]

Kahanan beku ing Ranu Pani

Sajroning suhu kang adhem banget, danau iki bisa uga menangi kabekon. Kahanan beku iki biasané bisa kedadèn ing sasi-sasi antara Juli tumeka Sèptèmber, jalaran suhu ing Ranu Pani bisa tumeka 0°C. Kahanan iki sinebut uga embun upas utawa embun kang ambeku jalaran adhemé hawa saubengé. Biasané pénoména iki kedadèn ing wayah sadurungé njedhulé srengéngé utawa jam 05.00-an.[12]

Konservasi suku Tengger[besut | besut sumber]

Konsèp Trihitakarana[besut | besut sumber]

Suku Tengger minangka ètnis kang manggon ing tlatah-tlatah sacedhaké Ranu Pani nglakoni sawijining konservasi alam kang sinumber saka tradhisi lokal kanggo njaga asrining lan tentreming Ranu Pani. Apa kang dilakoni déning masarakat Tengger iku rujukané ana ing Kitab Weda ajeneng Trihitakarana. Trihitakarana yaiku konsèp kanggo njaga sêsambungan kang becik manungsa kelawan Pangeran, manungsa kalawan manungsa, lan manungsa kalawan alam. Sesambungan becik manungsa kalawan alam jenengé yaiku Trihitakarana Palemahan.[13]

Wewujuding Trihitakarana[besut | besut sumber]

Désa Ranu Pani

Sajroning nglakoni apa kang sinebut Trihitakarana Palemahan iku, suku Tengger nglakoni reresik ing danau kanthi alat-alat tradhisional kayata garu pring, garu wesi, karung bekas, tali tambang, lan pring dawa. Bagiyan danau kang tinutup déning tanduran-tanduran kang ngregedi digèrèd nganggo pring nganti teka pinggiring danau. Banjur ditumpuk lan diumbar nganti garing, manawa wus garing bisa dimanpangataké warga dumadi pupuk organik.[13]

Pangamah-amah[besut | besut sumber]

Ana pirang-pirang pangamah-amah ing Ranu Pani lan njalari danau iki menangi sèdimèntasi kang agawé sudané kajeroning danau, kayata,

  1. Binabadé parbukitan kang njalari érosi. Wit-witan gedhé gumanti kalawan tanduran cilik-cilik kayata brambang, kentang, kobis, lan wortel kang ora bisa diandalaké kanggo mbendung pangikisan lemah. Mula lemah bukit-bukit dadi ora atos manèh, lan nalika rendheng lemah ginawa mudhun déning udan lan mendhak ing danau.
  2. Akèhing wisatawan kang guwak sampah ing jeroning danau.
  3. Sumebaring tanduran gulma kang ngambah danau.
  4. Ginawané limbah pupuk organik saka tegalan-tegalaning para warga menyang danau.[14]

Wayah operasional lan karcis[besut | besut sumber]

Wayah operasional papan wisata iki yaiku saben dina, déné rega karcis mlebuné Rp.5000,- saben wong.[15]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Tingkatkan Kunjungan Wisatawan, Bupati Lumajang Perbaiki Tempat Wisata Ranu Pani". Dinas Kominfo Provinsi Jawa Timur. 2020-01-17. Dibukak ing 2023-10-10.
  2. "Desa Wisata Ranupani". Jejaring Desa Wisata. Dibukak ing 2023-10-10.
  3. a b c Ginanjar, Dhimas (2021-09-21). "Desa Ranu Pani, Keeksotisan Segitiga Danau di Kaki Gunung Semeru". Jawa Pos. Dibukak ing 2023-10-10.
  4. Sewitry, Reny; Takandjandji, Mariana (2019-06-21). "Konservasi Danau Ranu Pane dan Ranu Regulo di Taman Nasional Bromo Tengger Semeru". Jurnal Penelitian Hutan dan Konservasi Alam. 16: 36. {{cite journal}}: More than one of |pages= and |page= specified (pitulung)
  5. Suprayitno, Adi (2020-01-17). "Pemkab Lumajang kan "Sulap" Ranu Pani Jadi Desa Wisata". Alinea.id. Dibukak ing 2023-10-10.
  6. a b c d e f g Nugroho, Branindityo (2015-03-19). Ditulis ing Bogor. "Manfaat Sosial Ekonomi Danau Ranu Pani Taman Nasional Bromo Tengger Semeru oleh Masyarakat Danau Ranu Pani". Skripsi. Institut Pertanian Bogor: Fakultas Kehutanan: 1.
  7. "Tarif Base Camp Ranu Pane, Sediakan Cafe dengan View Danau". Penginapan.net. Dibukak ing 2023-10-10.
  8. "Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R)". Sastra.com. Dibukak ing 2023-10-10. {{cite web}}: |first= missing |last= (pitulung)
  9. Abdul Fatah, Moch. R (2020-02-16). "Bupati Lumajang Unggah Perencanaan Pengembangan Wisata Ranu Pane". Jatim Times. Dibukak ing 2023-10-10.
  10. "Sandiaga Resmikan Amphiteater di Desa Wisata Ranupani Lumajang". Media Indonesia. 2021-09-19. Dibukak ing 2023-10-10.
  11. Pramono, Yudo Hanggo (2015-08-05). Ditulis ing Malang. "Studi kelimpahan dan keanekaragaman fitoplankton di Perairan Ranu Pani dan Ranu Regulo Taman Nasional Bromo Tengger Semeru". Skripsi. UIN Maulana Malik Ibrahim: Fakultas Sains dan Teknologi.
  12. Noorca, Dhafintya (2022-07-28). "Suhu Udara Mendekati 0 Derajat Celcius, Ranupani Lumajang Membeku". Suara Surabaya. Dibukak ing 2023-10-10.
  13. a b Dian Presilia, Reva Fadul Allah (2018-10-31). "Kearifan Lokal Trihitakarana Suku Tengger dalam Kelangsungan Konservasi Ranu Pani". Jurnal Teori dan Praksis Pembelajaran IPS ·. 3: 76–80.
  14. Rahadi, Fernan (2013-07-07). "Ancaman di Balik Keindahan Danau Ranu Pani". Republika. Dibukak ing 2023-10-10.
  15. Permadhi, Agus (2023-08-08). "Ranu Pane : Harga Tiket, Foto, Lokasi, Fasilitas dan Spot". Tempat Wisata. Dibukak ing 2023-10-10.