Raja pati Desember
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 17 April 2012 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 1061 menit kapungkur. |
Raja pati Desember utawa Prastawa Patènan Desember iku sawijining prastawa sing kadadéan ing tanggal 8 Desember 1982. Nalika iku ana 15 wong tahanan pulitik sing padha dipatèni déning rezim militèr sing kuwasa ing Suriname. Prastawa iki ninggalaké tilas sing jero ing Suriname lan saantara komunitas Suriname ing Walanda. Pamaréntah Walanda megat dhuwit pitulungé marang Suriname.
Bab lan Paragraf |
Prastawa pamatènan[sunting]
Limalas korban iki ditémbak mati déning para militèr ing tlatahé bètèng Fort Zeelandia ing ibu kutha Paramaribo. Para militèr iki dikepalani déning panglima militèr kala iku Desi Bouterse. Antara para korbané ana pangacara, wartawan lan pangusaha. Sawetara korban iki ana sing lagi waé dicekel, sawetara ana sing wis dikunjara pirang-pirang sasi. Situasi lan kondisi kepriyé limalas wong iki téwas, nganti sepréné durung cetha. Para prawira militèr sing kala kuwi nyekel kuwasa nyatakaké menawa limalas wong iki, sing sabagéan lagi dicekel wengi iku, "ditémbak mati nalika nyoba mlayu". Nanging uga ana sing nyatakaké menawa wong-wong iki disiksa, dipatèni lan dièksekusi tanpa diadili. Lan uga ana sing nyatakaké menawa Desi Bouterse uga ana ing papan Fort Zeelandia nalika prastawa iki dumadi. Bouterse dhéwé sélak menawa dhèwèké dhéwé ana nalika prastawa iki dumadi. Nanging Bouterse ngakoni menawa dhèwèké iku mèlu tanggung jawab sacara resmi.
Para korban[sunting]
- John Baboeram (38), pangacara
- Bram Behr (31), wartawan
- Cyrill Daal (48), pamimpin sarékat buruh
- Kenneth Gonçalves (42), pangacara
- Eddy Hoost (48), pangacara
- André Kamperveen (58), pangusaha
- Gerard Leckie (39), psikolog
- Sugrim Oemrawsingh (42), ngèlmuwan
- Lesley Rahman (28), wartawan
- Soerendre Rambocus (29), militèr
- Harold Riedewald (49), pangacara
- Jiwansingh Sheombar (25), militèr
- Jozef Slagveer (42), wartawan
- Robby Sohansingh (37), pangusaha
- Frank Wijngaarde (43), wartawan (ndarbèni kawarganegaran Walanda)
Wong kaping nembelas sing dicekel, yaiku pamimpin sarékat buruh Fred Derby, ujug-ujug diuculaké. Dhèwèké nglapuraké pangalamané ing tanggal 8 Desember 2000.
Dampak lan prosès kukum[sunting]
Lagi bareng wis taunan, pamaréntah Suriname lagi ngurusi prakara Raja pati Desember iki sacara resmi. Sawisé para korban dipatèni, kabèh padha dikubur tanpa diotopsi luwih dhisik. Saliyané iku uga ora tau dilakoni sawijining invèstigasi kukum.
PBB[sunting]
Ing taun 1983 para waris wolung korban raja pati iki padha pradul marang Komité HAM PBB. Para waris iki nyatakaké menawa èksekusi iki nglanggar katentoan Prajanjian Internasional ngenani Hak-Hak Sipil lan Pulitik (PIHHSP). Saliyané iku para waris iki uga nyatakaké menawa ing Suriname ora ana piranti kukum manèh kanggo nuntut sing tanggung jawab. Pamaréntah Suriname ndhesek PBB supaya tuntutan iki dianggep ora absah, nanging Komité HAM PBB nyatakaké menawa Suriname iku nglanggar pasal 6 PIHHSP lan "15 korban iki dipatèni sacara sembarangan". Komité HAM PBB uga ngakon Suriname miwiti invèstigasi lan ngadili wong-wong sing tanggung jawab.
Para tersangka[sunting]
- Errol Alibux
- Dick de Bie
- Etienne Boerenveen
- Desi Bouterse
- Benny Brondenstein
- Winston Caldeira
- Wim Carbière
- Steven Dendoe
- Iwan Dijksteel
- Roy Esajas
- Ernst Gefferie
- Arthy Gorré
- John Hardjoprajitno
- Orlando Heidanus
- Kenneth Kempes
- Iwan Krolis
- Lucien Lewis
- Harvey Naarendorp
- John Nelom
- Edgar Ritfeld
- Ruben Rozendaal
- Badrissein Sital
- Jimmy Stolk
- Imro Themen
- Marcel Zeeuw
Pranala njaba[sunting]
- (id) Prosès pangadilan militèr diwiwiti. Diaksès tanggal 13 April 2012
- (nl) Prastawa patènan Desember mbokmenawa wis kalaksanan sadina luwih awal, de Volkskrant, 5 Juli 2008. Diaksès tanggal 13 April 2012
- (nl) Decembermoorden.com (arsip)
- (nl) Freddy Derby nyritakaké pangalamané sawisé 18 taun, waterkant.net
- (nl) Berkas prastawa iki ing Wereldomroep