Psikokinesis
Psikokinesis (saka basa Yunani ψυχή, "psyche", artiné pikiran, jiwa, ati, utawa napas; lan κίνησις, "kinesis", brarti gerak, gerakan; harfiah "pikiran-gerakan"), yakuwi kamampuan manipulasi objek fisik namung modal pikiran. Objek kuwi isa kayata benda utawa awak dimanipulasi saka jarak kang adoh. Salah sijiné bentuké yakuwi psikokinetik metal-bending, yakuuwi efek psikokinetik marang benda-benda logam kayata kunci, sendok, peso utawa sajenisé.
Meski biasané fenomena psikokinesis iki sadhurungé wis direncanakaké. Nanging ana uga fenomena psikokinesis kang kadadian tanpa siap-siap. Miturut para ahli parapsikologi, menawa ana kadadean kang bebayani utawa gawe wedi lan mretegan banget, awak bisa ngetokaké daya psikokinetik. Misalé kaya mecahaké kaca nalika kewéden. Kuwi mau kasil saka daya psikokinetik kang metu saka awaké dhewe.[1]
Klasifikasi psikokinesis [sunting]
Biasané para ahli parapsikologi mbedakaké ilmu psikokinesis ana rong jinis, yakuwi psikokinesis-makro lan psikokinesis-mikro. Psikokines-makro
yakuwi kang kadadiané bisa diweruhi kanthi cara langsung. Kayata misalé ning pertunjukan televisi ana uwong kang bisa sanggup mlengkungaké sendok, ngangkat benda kuwi ning awang-awang, utawa kebal dening sanjata kang lancip. Ananging Psikokinesis-mikro kadadeané ora bisa titeni migunakaké mata biasa. Perlu anané metode statistik tartemtu supaya bisa meruhi kadadean kuwi. Kayata ning kategori mikro yakuwi pangobatan jarak adoh[1]
Pranala Njaba [sunting]
- "The Princeton Engineering Anomalies Research (PEAR)" entry in the online edition of the Skeptic's Dictionary by philosopher Robert Todd Carroll.
- Online Telekinesis Test
- Mind Over Matter Study An invitation by the Rhine Research Center of Durham, North Carolina USA to submit reports of PK as part of an academic research study.
- Hollywood Telekinesis and Psychokinesis Movie List Includes the "List of Cultural References to Psychokinesis and Telekinesis" that was formerly on Wikipedia.
- Psychokinesis ing Proyèk dirèktori kabuka
- Can you kill a goat by staring into its eyes? Daily Mail, October 23, 2009. In depth article on the U.S. military's psychic "super-soldier" program with emphasis on DMILS (Direct Mental Interaction with Living Systems).