Protolintang
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 465 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Protolintang yakuwi salah sijiné urutan mbentuké lintang sawisé tahap kontraksi awan molekul lan sadhurungé tahap deret utama kelakon. Urutan iki ditemuni nalika atom-atom lan molekul-molekul (kang biasané kuwi hidrogen) ning sakjeroning awan molekul mulai kedaden prosesionisasi lan proses disosiasi ananging tekanan lan temperatur ning intiné durung nyukupi kanggo nglakokaké reaksi fusi nuklir.
Protobintang kuwi ana saka proses mengkeruté awan molekul raksasa. Kayata apa kang dijlentrehaké ning ilmu teorema virial , mengkeruté gravitasi nggawe satengah energi gravitasi dadi radiasi lan satengahé maneh dadi energi jero.
Energi jero iki sing bakalé nyebabaké proses ionisasi atom-atom lan gawe disosiasi molekul-molekul kang ana. Sawisé proses iki kelakon awan molekul bakal kelangan sakabehané molekulé (amarga wis kena proses disosiasi) lan tekan ning kesetimbangan hidrostatik. Ning tahap iki bisa diomong protolintang lair. Radiasi saka protobintang biasané bisa dititeni saka bentuk gelombang mikro utawa inframerah.