Powiat
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Powiat iku dhaérah tingkat loro jroning pamérangan administratif Polandia, bisa diterjemahaké kanthi frasa distrik utawa dhaérah tingkat II lan kurang luwih mèmper karo kabupatèn ing Indonesia. Powiat iku pérangan saka unit sing luwih gedhé sing disebut województwo, sing kurang luwih setingkat karo provinsi. Powiat dhéwé dipérang manèh dadi sawetara gmina. Ana rong jinis powiat, powiat ziemski (distrik rural) sing cacahé 314 lan powiat grodzki (distrik urban) sing cacahé ana 65.