Pizza gorèng
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Pizza gorèng karo kenthang gorèng saka Glasgow, Skotlandia
Pizza gorèng (basa Inggris deep-fried pizza) iku pizza sing ora dibakar nanging digorèng mawa lenga panas. Panganan iki akèh didol ing Skotlandia. Senadyan mengkono, ing Italia, yaiku negara asal pizza, uga ana pizza sing digorèng (pizza fritta).
Ing Skotlandia, pizza gorèng wiwit populèr sawisé dasawarsa 1970-an. Pizza gorèng didol ing warung-warung panganan lan biasané digorèng ngono waé utawa dilandhesi glepung. Banjur olèhé mangan karo kenthang gorèng mawa minuman soda Irn-Bru.