Piranti Pamrosésan Sentral
Piranti Pamrosésan Séntral (PPS) ([[basa Inggris: CPU (Central Processing Unit) inggih menika piranti padhet komputer ingkang nggadhahi mangfaat minangka piranti kangge mahami lan nglaksanakaken parentah lan dhata saking piranti lunak.[1] Tembung utawi istilah sanèsipun ingkang asring dipunangge inggih menika pamrosés (processor).[2] Mikroprosésor inggih menika PPS ingkang dipunprodhuksi ing sirkuit terpadu, asring wonten ing satunggalipun pakét sirkuit tunggal.[2] Wiwit taun 1970-an, mikroprosésor sirkuit terpadu-tunggal menika sampun limrah dipunanggé lan dados aspek ingkang penting wonten ing UPS.[2]
Amargi dados punjering pangolahan data komputer, PPS saged dipunibarataken minangka utekipun komputer.[1] Cepet utawi alonipun kinerja komputer dipuntemtokaken saking kualitas lan téknologi PPS ingkang dipunginakaken.[1] Cara kerjanipun PPS meh sami kaliyan cara kerja kalkulator.[1] Namung bentenipun, pamrosésan dhata ingkang saged dipunangge ing PPS langkung kiyat tinimbang kalkulator.[1] Satunggalipun CPU sasanèsipun saged ngolah dhata aritmatika, ugi saged ngolah dhata ingkang asipat logika.[1]
Wonten ing PPS, wonten pirang-pirang bagian, ing antawisipun inggih menika menapa ingkang namanipun Arithmetic Logical Unit utawi ing basa komputer dipunsebat ALU.[1] tugasipun inggih menika nglaksanakaken prosés ingkang nglaksanakakaen sedaya rutinitas ingkang wonten gayutanipun kaliyan matematika lan perbandingan miturut cara logika.[1]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.du nig
Pranala Njawi [sunting]
(id)Pengertian CPU