Patin
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 64 dinten 1333 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Iwak patin Temporal range: Tertiary - Recent |
|
|---|---|
| Patin (jambal) siam Pangasius hypophthalmus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Siluriformes |
| kulawarga: | Pangasiidae |
| Genus: | Pangasius (partim) Valenciennes, 1840 |
| Species | |
|
Pirsani tèks |
|
| Sinonim | |
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
Patin utawa iwak patin nduwèni basa latin Pangasius sp. Iwak iki arupa jenis iwak liar kang okèh ditemokaké ing kali-kali gedhé lan cilik kususé ing wewengkon tropis ing Asia.[1] Ing indonesia iwak patin isa katemokaké ing kali-kali gedhé kayata kali Batangahari (Jambi), kali Kampar (Riau) lan kali Musi (Palembang).[1] Iwak iki senengé karo banyu kang mili banter. Iwak patin ing alam liar biasané umpetan ing bolongan-bolongan pinggir kali.[1]
Iwak ptin kalebu iwak kang aktif ing wayah wengi lan kalebu iwak demersal utawa iawak kang seneng ana ing ngisor (dasaran kali).[1] Sacara fisik iwak patin duwèni cangkem kang amba kaya iwak demersal liyané kayata lélé lan iwak gabus.[1] Iwak patin kerep golèk mangan ing wayah bengi, lan mangané yaiku cacing, urang kali, lan woh-wohan uga.[1] Saka jenisé mangan iwak iki kalebu iwak kang rakus amerga jumlah mangané akèh banget.[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Iwak patin arupa jenis iwak konsumsi banyu tawa, awake dawa kanti warna putih perak kanti geger warnane rodok biru. Iwak patin dikenal minangka komoditi kang prospeke cerah, amrga duweni harga duwur.Hal iki kang nyebapake iwak patin entuk perhatian lan disenengi dening para pengusaha kanggo mbudidayakake. Iwak iki cukup responsif saben diwenehi pakanan tambahan. Nalika pembudidayaane, sajrone umur enem wulan iwak patin isa dawa nganti 35-40 cm. minangka kulawarga Pangasidae, iwak iki ora mbutuhake banyu kang mili kanggo gedhekake awake. Ing banyu kang ora mili kanti kandungan oksigen kang endek wis isa memenuhi syarat kanggo gedhekake iwak iki. Iwak patin awak dawa kanggo ukuran iwak tawa lokal, warna putih kaya perak, geger kanti warna rodok biru. Ndas iwak patin cilik, cangkeme mapan ing ngarep ndas rodok ing ngisor. (arupa ciri khas golongan catfish). Ing sudut cangkeme ana 2 pasang brengos cendek kang fungsine kanggo perab.
Manfaat Iwak patin [sunting]
Kandutan [sunting]
Kandutan gizi kang ana ing iwak patin yaiku:
- Omega 3, Kanggo pertumbuhan otak ing janin lan penting kanggo perkembangan fungsi sarap bayi..[3]
- Ngandut serat protein kang cendak sahingga gampang dicerna.[3]
- Vitamin A sajroning minyak ati iwak kanggo nyegah penyakit wuta.[3]
- Vitamin B12, kanggo pembentukan sel darah abang, mbantu metabolisme lemak, lan nglindungi jantung uga rusake sarap.[3]
- Flour kanggo nguatake lan nyehatake untu anak.[3]