Novia Kolopaking

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Novia Kolopaking

Novia Kolopaking (lair ing Bandung , Jawa Barat, 9 November 1972; umur 39 taun) yaiku salah sijiné seniman kang asalé saka Indonesia. [1]Novia Kolopaking akéh nduwéni kiprah ing bidhang sastra, khususe geguritan. [1]Saliyané seniman, Novia uga main drama lan film.[1] Novia uga nduwéni kabisan olah vokal utawa nyanyi. [1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Karir

Nalika isih bocah, jeneng Novia Kolopaking wis dikenal liwat majalah-majalah anak-anak lan pentas ing panggung, Novia Kolopaking pentas nyanyi apadéné main sandiwara utawa drama.[1] Ananging jeneng Novia Kolopaking wiwit misuwur lan dikenal ing pentas seni nasional nalika dhéwéké main dadi Emak ing film serial kang disiyaraké ing tivi.[1] Film iki judhulé Keluarga Cemara. Saliyane iku kang nggawé jeneng Novia Kolopaking sangsaya misuwur yaiku Novia uga main film ing film tivi kang judhulé Siti Nurbaya . [1]Sanajan ora akeh sing ngerti, Novia Kolopaking uga tau ngisi swara ing sandiwara radiyo kang judhule Saur Sepuh. Ing sandiwara radio iki, Novia dadi paraga Dewi Anjani.[1]

Ing donyaning nyanyi, Novia Kolopaking uga misuwur kanthi nyanyékaké hit populer kayata lagu kang judhule Kembali, Untukmu Segalanya, Dengan Menyebut Nama Allah, lan lagu daur ulang kang judhule Bunga Mawar.[1] Sawisé vakum ora main sinetron suwéné wolung taun, ibu tiri vokalis Letto kang jenengé Noe iki main manéh ing sinetron kang duwéni téma religi.[2] Sinetron iki judhule Rinduku Cintamu kang disiyarake taun (2008).[2]

[sunting] Kluwarga

Novia Kolopaking nikah tanggal 22 Maret 1997.[3]Novia nikah karo Emha Ainun Nadjib lan nduwé anak kang cacahé papat saka pernikahan iki.[1]Sanajan jarang ngétok ing pentas nasional, Novia kerep ngancani kalompok Kiai Kanjeng nekani pangngonan-panggonan kang ana ing Indonesia lan ing donya.[3]


[sunting] Album

Album kang digawé Novia Kolopaking.[1]

  • Kembali (1992)
  • Biar Kusimpan Rinduku
  • Untukmu Segalanya (1994)
  • Dengan Menyebut Nama Allah
  • Aku Selalu Cinta (Single)
  • Cinta (1999)
  • Bunga Mawar (Single)
  • Asmara (1997)

[sunting] Sinetron

Sinetron kang dibintangi Novia Kolopaking.[1]

[sunting] Filmografi

Film kang dibintangi Novia Kolopaking.[1]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m (id) Profil ing [KapanLagi.com](dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  2. a b (id)Novia Kolopaking Kembali Terjuni Dunia Akting(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  3. a b (id) SOSOK-TOKOH - Suami Tetap Izinkan Akting - Novia Kolopaking(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Novia_Kolopaking&oldid=660450"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès