Nirwana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Disambig.svg

Ing Buddhisme, nirvāṇa (saka basa Sansekerta -- Pali: Nibbāna -- basa Tionghoa: Nièpán (涅槃)), sacara harafiah: "pemadaman", iku kulminasi panggolèkan umat Buddha marang kabébasan.

Siddartha Gautama, sang Buddha, njelasaké Buddhisme minangka sawijining rakit sing, sawisé kemambang ing sadhuwuring kali, bakal ngolèhaké sang penumpangé kanggo nggayuh nirwana.

Hinduisme uga migunakaké nirwana minangka sinonim kanggo pamikirané ngenani moksha, lan nirvana diwicarakaké jroning sapérangan tulisan tantra Hindu sarta Bhagawad Gita.

Konsèp nirwana antarané agama Buddha lan Hindu ora olèh dipadhakaké.

Ing pangertèn sing luwih jero, Nibbana yaiku kabungahan paling dhuwur, sawijining kahanan kabungahan langgeng sing ngédab-édabi. Kabungahan Nibbana ora bisa dialami kanthi manjakaké éndra, nanging kanthi ngleremaké.

Nibbana dudu sawijining papan. Nibbana dudu sawijining kaora-anaan utawa kapunahan. Nibbana dudu sawijining swarga. Ora ana tembung sing cocok kanggo njelasaké Nibbana iki. Nibbana bisa diréalisasi kanthi cara ngilangaké kasrakahan (lobha), sesengit (dosa) lan bodhoning batin (moha).

Jroning Kitab Udana VIII:3, Nibbana dijelasaké déning Sang Buddha kaya mangkéné:

"Oh, Bhikkhu, ana mandheging kalairan, mandheging panjalman, mandheging Kamma, mandheging Sankhara. Yèn upamané waé, Oh bhikkhu, ora ana mandheging kalairan, mandheging panjalman, mandhenging Kamma, mandheging Sankhara; mula ora bakal ana dalan metu kabébasan kalairan, panjalman, pambentukan, pamunculan saka sebab sing biyèn. Nanging amarga ana mandheging kalairan, mandheging panjalman, mandheging Kamma, mandheging Sankhara, mula ana dalan metu kabébasan kalairan, panjalman, pambentukan, lan pamunculan saka sebab sing biyèn"

Luwih jero ing Kitab Milinda Panha uga dijelasaké ngenani Nibbana liwat omongan antarané Bhikkhu Nagasena lan Raja Milinda kaya mangkéné:

"Nibbana kebak déning katentreman lan kabungahan Oh Raja. Sapa waé sing ngatur kauripané sacara sampurna kanthi mahami sifat kauripan selaras karo piwulanging para Buddha, nyadhari kauripan liwat kawicaksanan, kayadéné sawijining murid sing kanthi nuruti pituduh-pituduhé Sang Guru, ndadèkaké dhèwèké 'Nakhoda' kanggo kapalé dhéwé,...

"Apa Nibbana iku sawijining papan?" Pitakoné Raja Milinda "Nibbana dudu sawijining papan Oh Raja, nanging Nibbana ana kayadéné geni ana, senadyan geni iku ora disimpen ing sawijining papan tinentu." "Apa ana papan tumapak kanggo sawijining wong kanggo nggayuh Nibbana?" "Ya Raja, papan iku yaiku kabecikan"

Mula bisa disimpulaké yèn Nibbana dudu sawijining papan utawa alam kauripan, nanging kahanan sing kabebas saka kabèh rereget batin sing dadi sebab kasangsaran saka kalairan, umur tuwa, panyakit, pati, kaperihan, pasambat lan ora duwé pangarep-arep, yaiku Kasrakahan (Lobha), Sesengit (Dosa), lan Bodhoning Batin (Moha).

Nibbana bisa digayuh nalika isih urip (Sa-upadisesa Nibbana) lan nalika mati (An-upadisesa Nibbana). Nalika Pangéran Siddhartha nggayuh Pepadhang Sampurna lan dadi Samma Sambuddha, mula ing wektu iku Panjenengané ngalami Sa-upadisesa Nibbana. Nalika Buddha Gotama tilar donya ing umur 80 taun ing Kusinara, mula Panjenengané nggayuh An-upadisesa Nibbana utawa Parinibbana.

Cara kanggo nggayuh Nibbana yaiku kanthi mraktèkaké dhéwé Dalan Mulya Kanthi Unsur Wolu, yaiku:

  1. Pangertèn Bener (Samma ditthi)
  2. Pikiran Bener (Samma sankappa)
  3. Pocapan Bener (Samma vaca)
  4. Tindak-tanduk Bener (Samma kammanta)
  5. Panguripan/Pegawéyan Bener (Samma ajiva)
  6. Usaha/Daya Upaya Bener (Samma vayama)
  7. Kawigatèn Bener (Samma sati)
  8. Konsèntrasi/Mèdhitasi Bener (Samma samadhi)


Pirsanana uga[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Nirwana&oldid=819643"