Nebula
Nebula (Latin: "kabut"; pl. nebulae utawa nebulæ, kanthi ligatur) yaiku mega antarlintang sing kapérang saka lebu, gas, lan plasma. Awalé nebula yaiku jeneng umum sing diwènèhaké kanggo kabèh obyèk astronomi sing mbentang, klebu galaksi ing sanjabané Bima Sakti (sapérangan conto saka panggunaan biyèn isih ana; minangka conto, Galaksi Andromeda sok-sok ngrujuk ing Nebula Andromeda).
Astrofisika saka nebula [sunting]
Dhaérah H II iku papan lairé lintang-lintang. Kawangun nalika mega molekul sing wiyar banget runtuh sangisoré gaya gravitasiné dhéwé, asring uga dijalari déning pangaruh jeblugan supernova sing ana ing saceraké. Mega runtuh lan kafragmentasi, mbentuk nganti atusan lintang anyar. Lintang sing lagi waé kabentuk ngionisasi gas sing ana ing sekitaré nyiptakaké nebula emisi.
Nebula sing liyané kawangun déning patining lintang. Sawijining lintang sing lagi ngalami transisi nuju tahap katai putih ngembusaké bagéyan paling njabané kanggo mbentuk planetary nebula. Nova lan supernova bisa uga nyiptakaké nebula sing ditepungi minangka nova remnant lan supernova remnant.