Monumèn Bajra Sandhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Monumen Bajra Sandi

Monumèn Bajra Sandhi iku bisa jejuluk Monas-é masarakat Bali, musiyum iki digawé kanggo menèhi pakurmatan marang para wira (pahlawan) lan masarakat Bali sing wis gugur ing perang kanggo nggayuh kamardikanné Bangsa Indonesia.

Monumèn Bajra Sandhi dibangun tahun 1987, diusulké déning Prof. Ida Bagus Mantra tahun 1981. Musiyum sing mapan ning Dalan Raya Niti Mandala, Renon iki nduwéni rancangan bangunan sing ora mung sembarang rancangan, amarga kanggo nemtokaké bentuk musiyum iku dianakaké sayembara, sayembara gawé gambar utawa rancangan bentuk wangunan musiyum. Sing menangké sayembara ya iku Ir. Ida Bagus Gedhe Yadnya mahasiswa jurusan Arsitektur Universitas Udayana sing mengacu Konsep Tri Hita Karana, Tri Mandala, lan Tri Angga.[1]

Saka garis horizontal, musiyum iki nggunakaké konsèp Tri Mandala, Tri Mandala ya iku pandom lan konsep dasar optimalisasi fungsi papan suci minangka punjering pembinaan lan ngrembaka sumber daya manungsa kanthi wutuh, iki khusus kanggo masarakat sing nganut utawa ngrasuk agama Hindhu. Tri Mandala saka musiyum iki ya iku: gedung sing dadi punjer pasinaon diarani Utama Mandala, pérangan pelataran sing ana lawang utawa Kori Agung cacah papat diarani Madya Mandala, lan pérangan lapangan diarani Nista Mandala.

Saka garis vertikal musiyum iki nggunakaké konsep Tri Angga, saka bagian paling ndhuwur, papan iki kosong ora ana dhiorama utawa barang-barang liyané amarga iki pérangan sing paling suci saka musiyum iki, dadi menawa lagi haid ora éntuk lumebu ruangan iki. Ruang iki diarani utamaning Utama Mandala, banjur ngisoré ana ruang sing ana dhiorama cacah 33 lan keris, iki diarani Madyaning Utama Mandala, banjur sing katelu ya iku Nistaning Utama Mandala sing isiné ruang perpustakaan, ruwang foto-foto wira pahlawan, ruwang informasi lan liyo-liyané.

Musiyum utawa Monumèn Bajra Sandhi iki nduwéni pérangan njaba bangunan sing ngemot akèh banget rerenggan khas Bali sing nduwéni teges filosofis ajaran Hindu. Saka ukiran sing ana ing kori agung, pahatan ing reca, bentuk bangunanné lan liya-liyané. Bajra Sandhi, saka tembung Bajra ya iku lonceng utawa genta sing dianggo déning para pandihta nalika arep donga, lan Sandhi sing tegesé suci. Bentuk musiyum Bajra Sandhi iki adhedasar cerita “Pemutaran Mandara Giri: Pencarian Tirtha Amerta” ya iku carita para dewa sing golek banyu abadi ing sagara susu sing diarani Kserarnawa utawa Kserasagara.

Pérangan-pérangan musiyum sing nggambaraké cerita "Pemutaran Mandara Giri Pencarian Tirtha Amerta" ya iku, bangunan sing utama dhéwé lan gedhé dhéwé iku mèmper Giri Mandara, Guci Amertha guci sing dinggo wadhah Tirtha Amertha dilambangké nganggo bentuk Kumba (periuk) sing ana ing pucuk musiyum, naga sing ngubengi musiyum iku nglambangké Naga Basuki sing ing cerita digambarké Naga kuwi dinggo nalèni gunung Mandara supaya bisa dinggo ngebur sagara mau, banjur ana Ketul ing sisih ngisor musiyum iku nglambangké Bedawang Akupa, lan sing pungkasan ya iku kolam sing ana ing tengah musiyum, kolam iku nglambangké sagara susu, ing sisih kiwa tengené kolam iku ana Cagak gedhé cacah 8 sing diarani Tiang Agung, ing kolam iku uga ana iwak rerenggan sing uga narik kawigaten. Ora mung ngemot akèh filosofi ajaran Hindu nanging musiyum iki uga ngemot ajaran nasionalisme sing digambarké saka 17 undhak-undhakan, 17 nglambangaké tanggal kamardikan Bangsa Indonésia, 8 Tiang Agung, nglambangaké sasi kamardikan Bangsa Indonesia, lan tahun kamardikan dilambangké nganggo dhuwuré  musiyum iku, ya iku 45 méter.

Saka sisih paling njaba musiyum, yaiku 4 lawang utama, ananging mung 1 sing dibuka kanggo wisatawan, ning sekitar kono ana tanaman lan lahan sing uga bisa kanggo foto-foto, lahan kui jane dalan lan taman rumput kanggo nuju ning Kori Agung. Saka lawang utama banjur lumebu nuju ning kori Agung sing cacah ana 4, lawang iku kabèh dibuka, dadi oleh lumebu seko Kori Agung ngendi wae kango nuju bangunan utama, utawa bangunan sing dinggo nyimpen diorama-diorama, ananging yen Kori Agung kui lagi dinggo foto Prewedding utawa dinggo acara biasane Kori Agung iku ditutup. Ning sakcedhake Kori Agung sing dadi lawang utama lumebu musiyum utawa Madyaning Utama Mandala uga ana kolam ikan hias sing dinei pancuran cilik.

Ora mung kolam, ning area sing diarani Madya Mandala  iki uga ana Bale Bangkong cacah 4, papanne ana ning sisih lor, kidul, kulon, lan wetan papanne ana ning pojok pojok bangunan musiyum, bale bangkong iki biasane dinggo leren menawa kesel anggone ngubengi musiyum ananging ana ugi sing ning bale bangkong merga mung arep foto-foto. Sing marai tambah seneng yen ngubengi musiyum iki merga akeh tanaman lan kembang kamboja ning kiwa tengenne musiyum.

Nuju ning area musiyum sing diaranai Nistaning musiyum, bakalle nemu foto-foto pahlawan lan foto-foto kadadean jaman ndhisek, fotone iku iseh hitam putih dadi krasa banget yen iku foto wis jaman biyen, ning cedhak kono uga ana perpustakaan. Banjur nuju ning area Madyaning Mandala nah ning kene iki ana 33 diorama sing nggambarke masarakat Bali nalika perang, diorama iki ditata urut miturut tahun kedadeanne, saka sing paling disek dewe tekan sing paling pungkasan, yen arep ndelok diorama iki kudu lumaku seko sisih kiwa banjur mubeng nengen, kaya mubenge jam supaya ngerti urut-urutan kedadeanne.

Diorama-diorama musiyum Bajra Sandhi iki ing antarane ana diorama sing nggambarake masarakat Bali jaman berburu lan meramu tahun 300 SM, Bali jaman Perundagian 2000 SM, Stupika lan Prasasti Sukawana 778 M, lan sakpanunggalane, ning Madyaning Utama Mandala iki uga ana keris. Yen wis rampung mubeng ndelok diorama-diorama bisa munggah nuju ning undak-undakan sing dhuwur diarani “Tangga Tapak Dara”, undak-undakane iki uga narik kawigaten merga undak-undakanne digawé bentuk spiral utawa kaya pir. Undak-undakan  iki dinggo mungah ning lantai 3, yaiku nuju Utamaning Utama Mandala, merga undak-undakan iki dhuwur, pancen marai rada kesel opo meneh bentuk e spiral uga marai rada mumet, ning yen wis tekan dhuwur rasa kesel e bakal kebayar merga bisa ndelok pemandangan Denpasar saka ndhuwur.

Monumèn Bajra Sandhi utawa monumen perjuangan rakyat Bali iki mapan ning tengah lapangan dadi yen sore utawa esuk opo meneh pas prei, mesthi akeh wong sing padha olahraga ana ning lapangan iku. Musiyum Bajra Sandhi ora mung nawakke kaendahan bangunanne sing bisa narik kawigaten saengga akeh wisatawan sing mampir, nanging uga nawakake cerita historis lan cerita perjuanganne rakyat Bali.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Kusumowati, Sri Indah Retno. "BENTUK DAN MAKNA ARSITEKTUR DAN ORNAMEN MONUMEN BAJRA SANDHI". Seminar Nasional Arsitektur dan Tata Ruang (SAMARTA), Bali-2017,ISBN 978-602-294-240-5.