Merti bumi
Merti Bumi ya iku salah sawijining tradhisi kang ana ing dhusun Tunggularum Wanakerta, kacamatan Turi Kabupatèn Sléman.[1] Sadurungé, ing dhusun Tunggularum Lama tansah éntuk bebaya wujud wlahar Merapi, saèngga masarakat duwé usulan ngalih ya iku saka dhusun Tunggularum Lama menyang dhusun Tunggularum Baru.[1] Sawisé masarakat dhusun Tunggularum Lama ngalih ing dhusun Tunggularum Baru, masarakat padha ayem amarga ora ana bebaya saka wlahar Merapi.[1] Sadurungé, ing dhusun Tunggularum Lama tansah éntuk bebaya wujud wlahar Merapi, saéngga masarakat utawa sing ndunungi duwèni usulan ngalih ya iku saka dhusun Tunggularum Lama menyang dhusun Tunggularum Baru.[1] Sawisé masarakat dhusun Tunggularum Lama ngalih ing dhusun Tunggularum Baru, masarakat padha ayem amarga ora ana bebaya saka wlahar Merapi.[1] Sanajan wis ngalih, nanging masarakaté ora bisa ninggal tlatah Tunggularum Lama amarga lemahé subur.[1] Lemahé subur amarga kena wlahar panas saka gunung Merapi.[1] Ancas tradhisi Merti Bumi ya iku minangka rasa sukur marang Gusti Kang Akarya Jagat tumrap rejeki, kasarasan, lan katentreman kang wis ditampa déning masarakat Tunggularum Baru.[2]
Urut-urutaning Acara
[besut | besut sumber]Tradhisi iki diwiwiti kanthi nyidhuk banyu saka sendhang Pancuran déning masarakat kang ateges sesucèn dhiri lair lan batin.[1] Sesucèn ditindakaké sadina sadurungé kirab pusaka Kyai Tunggul Wulung lan Tumpeng Kembar Gunungan Salak.[1] Banyu ing sendhang mau dipercaya bisa marèake kabèh lelara.[1] Gunungan wujud gunungan salak uga sinebut Gunungan Salak Gung Rinengga kang digawé saka woh salak kang aboté ngancik 500 kg.[1] Masarakat gunakaké woh salak amarga asil panèn kang akèh ya iku woh salak.[1] Tradhisi Merti Bumi kawiwitan kanthi acara nyidhuk banyu suci déning para pamong désa.[1] Banjur dianakaké kirab pusaka Kyai Tunggul Wulung lan diterusaké déning acara kirab Tumpeng Lanang Wadon lan Gunungan Ulu Metu kang diwiwiti saka balé désa menyang Plataran Tunggularum.[1] Sawisé tekan, Gunungan Salak Gung Rinengga didèlèh ing kono.[1] Saliyané iku uga ana tariané.
Pepali nalika Nindakaké Adicara Merti Bumi
[besut | besut sumber]- Ora kena omongan kang ala nalika nindakaké adicara Merti Bumi.[3]
- Kudu nganggo sandhangan kang sopan.[3]
- Nalika lumaku kudu ati-ati jalaran dalané lunyu lan ciuk.[3]
- Panityané kudu ngango sandhangan kejawèn.[3]
- Ora kena nganngo sandhangan werna gadhung mlati jalaran madhani sandhangané Kanjeng Ratu Kidul.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o Isyanti. Tradisi Merti Bumi suatu Refleksi Masarakat Agraris. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 131
- ↑ Has.’’ Merti Bumi diguyur Hujan’’ dalam kedaulatan Rakyat.27 Fèbruari 2007, hal. 24
- ↑ a b c d e Isyanti. Tradisi Merti Bumi suatu Refleksi Masarakat Agraris. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 133