Malaysia Kulon
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Malaysia Kulon utawa Malaysia Semenanjung yaiku sesebutan tumrap wilayah Malaysia kang dumunung ing daratan benua Eurasia. Wilayahe yaiku sekabehing bageyan Malaysia kang tapel wates karo Selat Malaka ing sisih kidul lan tapel wates langsung karo Thailand ing sisih lor. Kabeh negara bageyan Malaysia, kejaba Sabah lan Sarawak kang kalebu jroning Malaysia Wetan, dumunung ing wilayah iki.