Lumpur
Lumpur yaiku lemah kang nduwèni tèkstrur cuwèr utawa setengah cuwèr.[1] Tèkstur iki biyasané kadadéyan saka campuran antarané banyu lan lemah.[1] Lumpur kang menep lan suwené wis pirang puluh tau bakal dadi endapan watu.[1] Nalika endapan geologis lumpur kabentuk ing estuaria lapisan kang diasilaké diarani lumpur teluk. [1] Lumpur ana kang nduwèni sifat nggawé subur, saliyané kanggo nyuburaké tanduran lumpur uga kena kanggo industri.[1] Contone yaiku kanggo industri gips, plesteran semen, semen teles.[1]
United Nation of Environment Program (UNEP), salah sijiné lembaga kang isih kagabung ing PBB ngajak Institut Teknologi Sepuluh November Surabaya kanggo naliti munpangaté lumpur kang ana ing Sidoarjo.[2] UNEP nduwèni kapenginan supaya lumpur iku bisa dimanfaataké kanthi maksimal.[2] Umpamané kanggo bahan bangunan, kanggo ngambakaké area wet land, mangrove utawa pante.[2] UNep percaya karo ITS kanggo nganakaké studi panelitèn babagan manfaaté lumpur, ing proyek iki, ITS bakal diwenéhi beaya karo UNEP.[2] ITS uga bakal nggandheng para ahli ing panaliten iki, kayata ahli lingkungan, survei, hidrologi, biologi, lan pante.[2] Asil panaliten iki bakal dilaporaké ing PBB, Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) lan Badan Penanggulangan Lumpur Sidoarjo (BPLS) saéngga bisa dadi referensi penanganan lumpur Lapindo. [2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.