Lisozim
Lisozim yaikuenzim kang medhotake ikatan β-1,4-glikosida antarane asam-N-asetil glukosamin karo asam-N-asetil muramat ing peptidoglikan saengga bisa ngrusak dinding sel bakteri.[1] Banyu banjur bisa mlebu ing jero sel lan nyebabake sel mlembung lan pungkasane pecah, proses mau sinebut lisis.[1] Lisozim bisa ditemokake ing sekresi kewan kalebu luh, saliva, lan cairan badan kang liyane minangka mekanisme pertahanan badan tumrap infeksi bakteri.[1] Lisozim bisa mateni bakteri yen lingkungan panggonan bakteri mau ora ana ing kaanan isotonis yaiku konsentrasi zat terlarut ing jero sel lan ing jaba sel (lingkungan) seimbang saengga senajan dinding sel bakteri pecah, banyu ora bakal mlebu ing sel lan lisis ora kedadeyan.[1] Ing kene, sel kng wis kelangan dinding sel mau diarani minangka protoplas.[2] Kaanan isotonis mau bisa digawe kanthi nambahake zat terlarut kayata sukrosa ing lingkungan sel (biyasane arupa cairan kayata banyu).[1] Suwalikke, yen sel ana ing lingkungan kang hipotonis yaiku konsentrasi zat terlarut ing jero sel luwih dhuwur tinimbang lingkungane, banyu bakal berdifusi mlebu ing jero sel lan nyebabake sel pecah (lisis).[1]