Legenda Siluman Ula Putih
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ilustrasi Legenda Siluman Ular Putih ing Yihe Yuan, Beijing
Legenda Siluman Ula Putih(白蛇传) yaiku legenda ngenani sawijining siluman ula putih kang arane Bai Suzhen kang tresna karo sawijining pelajar kang jenenge Xu Xian.[1][2] Sawise ketemu ing jembatan Duan nalika udan, Xu Xian nyilihake payunge marang Bai Su Zhen.[1][2] Wong sakloron padha nandhang katresnan lan pungkasane kawinan.[1][2] Nalika ana Festival Peh Cun, Bai Suzhen ora sengaja ngombe arak lan ora suwe, dheweke malih dadi ula putih raksesa. [1][2] Bai Suzhen ngupaya nulungi bojone kanthi jupuk herbal saka Pegunungan Kunlun nanging dialang-alangi dening sawijining pandhita.[1][2]
Crita iki duweni akeh versi sahengga bisa bedha antarane siji lan sijine. [2]