Lampu Bang-jo
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Lampu bang-jo ing Prancis
Lampu Bang-jo, uga biasa disebut lampu setopan yaiku piranti kang kapasang ing simpangan dalan (protelon, prapatan) kanggo ngatur lakune wong kang nyabrang lan kendharaan kang liwat ing dalan iku mau. Bangjo kang wiwitan dipasang ono ing kutha London, Enggris ing taun 1868. Racake bangjo ndueni lampu werna abang, kuning lan ijo minangka pralambang mandheg, waspada lan oleh mlaku. Amarga werna abang-ijo kang paling digatekake, mula lampu iki diarani lampu bangjo. Ing basa indonesia kaarani Lampu lalu lintas lan miturut Undhang-undhang nomer 22/2009 tentang Lalu lintas dan Angkutan Jalan kaarani alat pemberi isyarat lalu lintas singkatane APILL