Lady Antebellum
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Lady Antebellum | |
|---|---|
Lady Antebellum ing wulan April 2010
|
|
| Latar wuri | |
| Asal | Nashville, Tennessee, AS. |
| Génré | Country, Country pop |
| Taun aktif | 2006–saiki |
| Label | Capitol Nashville |
| Magepokan karo | Jim Brickman, Linda Davis, Josh Kelley, Paul Worley, Maroon 5 |
| Situs wèb | http://ladyantebellum.com |
| Anggota saiki | |
| Dave Haywood Charles Kelley Hillary Scott |
|
Lady Antebellum iku sawijining grup country music sing asalé saka Nashville, Tennessee, Amérika Sarékat. Grup iki kabentuk taun 2006 kanthi anggota 3 yaiku Charles Kelley (vokal), Dave Haywood (background vokal, gitar, piano, mandolin) lan Hillary Scott (vokal). Grup iki miwiti debut taun 2007 ing single Jim Brickman sing judhulé "Never Alone", sadurungé napakasmani kontrak karo Capitol Records Nashville lan ngluncuraké "Love Don't Live Here". Lagu iki tau nggayuh posisi 3 ing tangga lagu Hot Country Songs taun 2008. Singel liyané antara liya "Lookin' for a Good Time" lan "I Run to You". Tengahan 2009, lagu "Need You Now," diluncuraké. Lagu iki dijupuk saka album paling anyaré sing diluncuraké Januari 2010 kanthi judhul sing padha.