Klagenfurt
| Klagenfurt | |
| Area code(s) | 0463 |
|---|---|
| Website: www.klagenfurt.at | |
Klagenfurt (basa Slovenia Celovec) kuwi ibukutha negara bagéan Karintia (basa Jerman Kärnten; basa Slovenia Koroška), ing Austria, dumunung ing bantaran Glan, ing koordinat . Pisanan dipanggoni ing abad ka-12, saiki nduwèni pedunung watara 90.000 jiwa.
Minangka papan kanggo liburan kanthi pagunungan ing sisih kidul lan lor, taman-taman lan 23 kastil ing tlatah pinggirané. Ing mangsa panas, kutha iki dadi panggonan kanggo festival Altstadtzauber (Sihir Kutha Tuwa), Kontes Ironman lan Bebungah Ingeborg Bachmann, hadiah kanggo sastra Jerman. Kutha tuwa sing pusaté ing "Alter Platz" (Lapangan Tuwa) iku nduwèni sesawangan sing narik kawigatèn. Landmark khas-é yaiku Wörthersee, Tlaga Alpen sing paling anget ing Eropah, Lindwurm Brunnen (banyu mancur lindorm), lan Kastil Hochosterwitz ing sacedhaké, kastil sing dibentengi ing bukit dhuwur sing mung bisa ditekani liwat jalan spiral munggah.
-
Pemandangan ing Lendkanal ing pusat Klagenfurt
