Kekaisaran
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 62 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Kekaisaran yaiku kumpulané organisasi politik ingkang nggadhahi wilayah géografis ingkang wiyar. Dhèwèké mandhégani negara, kelompok suku utawi ètnik lan bangsa. Menika dipunnyawijikaken lan dipimpin kaliyan kaisar(monarki), utawi kanthi satunggal sistem pamerintahan oligarki. Umpami ditiliki saking babagan géopolitik, tembung kekaisaran nggadhahi teges ingkang bèntèn, wiwit saka negara teritorial ekstrim ing bagéyang sing paling kuat, nganti negara sing kabentuk saka gabungan kuthané negara sing paling ringkih.
Etimologi[sunting]
Tetembungan Kemaharajan dimangertèni kawiwitan ing sejarah lan basa Indonesia yaiku saka pengaruhe India purba, nganggo sarana basa Sanskerta; Maharaja, yaiku "Raja sing sakdhuwuré Raja"; pramila tetembungan Kemaharajan ngrujuk marang Kerajan agung ingkang nggadhahi dedeg sing luwih dhuwur saka kerajan akèh liyané. Kemaharajan raya kayata Sriwijaya lan Majapahit diweruhi ing babagan sejarah Indonesia.
Tetembungan liya sing asale saka pengaruh Eropa, yaiku Imperium ingkang kasil saka basa latin nduwèni teges "kekuatan" utawa "kewenangan". Tetembungan liayné Kekaisaran kang asle saka jeneng Caesar, panguasa Kekaisaran Romawi.
Secara etimologi, penggunaan istilah "imperium" menunjukkan suatu negara-bangsa terpusat yang kuat, akan tetapi dalam penggunaan yang lebih longgar juga merujuk pada perusahaan transnasional skala besar.
Struktur politik kemaharajan dibangun ngangge rong tata cara: (i) dumadi kemaharajan tèritorial mawi cara nguwasani langsung nganggo kekuatan (polahé badan langsung kangge netepi ambisiné kaisar), lan (ii) dumadi kemaharajan hegemonik nggadhahi watak koersif, nguwasani ora langsung mawi aturan kekuasaan (panyeruhan menawi kaisar saget meksa keéenginané). Konsep kapisan menehi kekuasaan kang luwih gedhe lan kontrol politik langsung, ananging mbatesi pengembangan sakbanjuré amargi nyedhot kekuatan militer ing salah sawijining garnisun. Konsep kapindho, yaiku maringi kekuasaan sing luwih cilik dan kendali ora langsung, ananging mènèhi kalonggaran kekuatan militèr supaya nglakokaké ekspansi saterusé. Kemaharajan teritorial (contoh: Kekaisaran Mongol, dan Kekaisaran Persia) nduweni ciri kawasan sing saya ngamba. Tetembungan kemaharajan uga ngrujuk kanggo kemaharajan maritim utawa thalasokrasi, (tuladha: Liga Délos lan Imperium Britania) mawi struktur ingkang luwih longgar lan wilayahe sing uwis kasebar.
Kapustakan[sunting]
- Gilpin, Robert War and Change in World Politics pp. 110–116
- Johan Galtung (1996), written at Honolulu, The Decline and Fall of Empires: A Theory of De-Development, http://www.transcend.org/galt.htm Written for the United Nations Research Institute on Development, UNRISD, Geneva.
- Lens, Sidney; Zinn, Howard (2003), The Forging of the American Empire: From the Revolution to Vietnam: A History of American Imperialism, Plkuto press, ISBN 0745321003, http://books.google.com/?id=qvLfIHqkOOAC
- Bowden, Brett (2009), The Empire of Civilization: The Evolution of an Imperial Idea, University of Chicago Press, ISBN 9780226068145