Kebon Tèh Wanasari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kebon Tèh Wanasari Malang

Kebon Tèh Wanasari yaiku salah sawijining agrowisata kang kuncara ing Kabupatèn Malang, mapan tepak ing Désa Toyamarta, Kacamatan Singasari lan ing Désa Wanareja, Kacamatan Lawang. Kebon tèh iki sacara geografis ana ing pèrènging Gunung Arjuna ing kadhuwuran 950-1250 mèter saka lumahing sagara kanthi suhu rata-rata 19-26 °C, ing sisih kuloné watesan karo Gunung Kawi. Déné jinising tèh kang ditandur ing kebon iki yaiku Thea Sinensis lan Thea Assamica.[1][2]

Kebon tèh kang ditindakaké déning PT. Perkebunan Nusantara (PTPN) XII iki, minangka kebon tèh wisata saliyané kang ana ing Jember, Lumajang, lan Blitar.[3] Lan minangka kebon tèh sapisanan ing Jawa Wétan.[4] Kebon tèh iki uga wus nganthongi pirang-pirang sèrtipikat produksi kayata Hazard Analysis Critical Control Point (HACCP), Ethical Tea Partnership (ETP), Rainforest Alliance (RA), lan sèrtipikat halal.[5]

Péranganing papan[besut | besut sumber]

Kebon Tèh Wanasari ambané ana 1.144 héktar (Ha) lan kapérang dadi 3 kebon, yaiku, Kebon Wanasari, Kebon Radèn Agung, lan Kebon Gubug Lor.[4][6] Déné Kebon Wanasari dhéwé ambané ana 370,3 Ha, kang tinandur tanduran tèh ana 316,24 Ha (85,4%), tanduran mahoni 8,7 Ha (2,35%), tanduran apel 0,75 Ha (0,2%), kebon utama 1 Ha (0,27%), émplasemén 9,24 Ha (2,5%), papan pangembangan wisata agro 0,86 Ha (0,23%), lan sapinunggalané (9,05%).[7]

Sajarah[besut | besut sumber]

Jaman kolonial[besut | besut sumber]

Kebon Tèh Wanasari binukak kanggo sapisanan ing jaman kolonial Walanda. Nalika iku kang mbukak yaiku parusahaan anama NV Cultur Maatschappij ing taun 1875-1919, nanging kang dadi pangembang kebon iki wong Jérman. GM Verhey minangka diréktur sapisanan ing parusahaan iku, nalika Verhey séda katerusaké déning bojoné, Carlota Teodota. Banjur ing taun 1910, anaké kang jenengé Cornelis wiwit nyekel parusahaan warisané wong tuwané iku. Wiwit jaman samana kebon iki wis jinangkepi kanthi mesin kanggo nggawé tèh lan uga wis bisa ngékspor produk menyang manca. Nalika jaman Jepang, kebon tèh iki mandheg oprasiné jalaran Pamarèntah Jepang ngganti produk tèh kanthi produk-produk liya kayata katéla, uwi, lan kentang. Nanging pabrik iku ora dirusak lan diajurké. Mangka, nalika jaman sawusé kamardikan, wong Indhonésia isih bisa nerusaké kebon tinggalané Walanda iku.[8][9]

Jaman sawusé kamardikan[besut | besut sumber]

Sawusé kamardikan kebon tèh iku ditindakaké déning Pusat Perkebunan Negara. Ing taun 1950 tanduran kebon kang sadurungé tinandur kanthi tanduran-tanduran pangan déning Jepang, banjur ginanti kanthi tanduran tèh manèh. Ing taun 1957 jeneng pakebonan ginanti kanthi jeneng Pusat Perkebunan Negara (PPN) Kesatuan Jawa Timur, ing taun 1963 jeneng pakebonan ganti manèh Pusat Perkebunan Negara (PPN) Aneka Tanaman lan terus ana sapirang-pirang pagantian jeneng nganti pungkasan ing taun 1996, PT Perkebunan Nusantara (PTPN) XII.[10]

Kebon iki dibukak minangka papan wisata wiwit jamané Présidhèn Suharta ing taun 1994. Ing jaman semana Présidhèn Suharta kepéngin pariwisata bisa dumadi alat kanggo ngasilaké dévisa nagara nomer 3 utawa nomer 4 ing Indhonésia. Déné PT Perkebunan Nusantara (PTPN) XII kang dadi panindak Kebon Tèh Wanasari iku asliné gabungan saka PTPN XXIII, PTPN XXVI, lan PTPN XXIX ing taun 1996. Déné PTPN XII papan oprasiné ana 34 kebon kang sumebar ing 11 kabupatèn ing Jawa Wétan, awit saka Ngawi nganti Banyuwangi kanthi amba tumeka 80.928 héktar.[8]

Fauna[besut | besut sumber]

Ing papan wisata iki saliyané nyumadyakaké éndahing tanduran tèh uga ana jinis-jinising kéwan, kayata, kutilang (Pynonotus aurigaster), drekuku (Streptopelia chinensis), jalak gunung (Sturnus sp), elang jawa (Spizactus bartelsii), pitik alas (Gallus gallus), darès (Tyto sp), budheng (Resbytis cristata), landak (Hystrix branchyura), kidang (Muntiacus muntjak), lan ula (Serpentes).[7]

Parékonomèn[besut | besut sumber]

Tenaga kerja[besut | besut sumber]

Binukaké papan wisata iki nggawa berkah kanggo masarakat sacedhaké kebon tèh iki, kebon tèh iki wus jinasa akèh sajroning nyerep tenaga kerja saka masarakat lan ngedunké angka pangangguran. Umur wong kang bisa kerja ing papan wisata iki sathithiké 17 taun lan saakèhé 50 taun. Ana rong jinis karyawan kang ana ing kebon iki, yaiku karyawan tetep lan karyawan usuman. Karyawan tetep yaiku karyawan kang manggon ing kebon iki, déné karyawan usuman yaiku karyawan kang asalé saka panggon kang adoh saka désa mapané kebon tèh iku.[11]

Ékspor[besut | besut sumber]

Watara 90% produk Kebon Tèh Wanasari ngisi pasar manca, jinis tèh saka kebon iki sinaing kanthi produk-produk saka Kénya, India, lan Cina. Produk tèh iku dipasaraké menyang Malaysia, India, Singapura, Pakistan, lan Éropa. Saben tauné kebon iki masok tèh kira-kira 800-900 ton menyang pirang-pirang nagara kanthi rega Rp.29.000,- saben kiloné, amung 2-3% saka 800 ton iku kang diproduksi ing jero nagara kanthi mèrek Teh Rollas. Déné produk tèh Wanasari kang dipasarake ing manca diwènèhi cap SAR, tèh iku biasané dumadi salah siji bahan kanggo nggawé tèh seduh utawa tèh celup.[12][4][13]

Wayah operasional lan karcis mlebu[besut | besut sumber]

Wayah operasional papan wisata iki yaiku bukak wiwit tabuh 06.00 tumeka tabuh 17.00 WIB (Waktu Indonesia Barat). Kanthi béya retribusi ing dina Senèn tumeka Jemuwah Rp.8000,-, déné Setu lan Minggu Rp.12.000,-. Sauntara béya parkiré yaiku Rp.3000,- kanggo pit montor, lan Rp.5000,- kanggo mobil.[14]

Sarana lan wahana[besut | besut sumber]

Ana pirang-pirang sarana kang bisa dipigunakaké ing papan wisata iki kayata, papan parkir, kakus umum, langgar, omah mangan, toko sovenir, lan panginepan.[15] Saliyané iku uga ana pirang-pirang sarana lan wahana jejangkepan kang bisa dinikmati para wisatawan kayata pamandu wisata (Rp.60.000,-), kolam renang (dina kerja Rp.10.000,-, pungkasaning minggu Rp.12.000,-), sepur kelinci (Rp.10.000,-), mobil ATV utawa skuter (Rp.50.000,-), sepédhah gunung, jaran wisata, flying fox, lan mobil rémot (Rp25.000,-).[16]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Kebun Teh Wonosari Lawang, Wisata Keluarga dan Petik Teh yang Menyejukkan". Tugu Malang. 2022-10-28. Dibukak ing 2023-10-13.
  2. Kurniawan, Redite (2018). Lawang Kota Kenangan. Jakarta Timur: Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa. ISBN 978-602-437-419-8.
  3. Cahyono, Edi (2023-10-10). "Sejuknya Udara di Kebun Teh Wonosari Lawang, Pikat Turis Asing dan Pengunjung dalam Negeri". TV One News. Dibukak ing 2023-10-13.
  4. a b c "Mengenal Sejarah Kebun Teh Wonosari, Wisata Puncak Jawa Timur". PT Perkebunan Nusantara XII. 2021-12-27. Dibukak ing 2023-10-14. {{cite web}}: |first= missing |last= (pitulung)
  5. Prasetijowati, Tri; Azizah, Anisa Kurniatul; Setiawati, Maharani Ika (2022-11-21). "Strategi Pengembangan Ekowisata Kebun Teh Wonosari, Malang". Prosiding Seminar Nasional & Call for Paper PSGESI UWP, September 2022. 9: 241–249. {{cite journal}}: |first= missing |last= (pitulung)
  6. "Lokasi dan Harga Tiket Masuk Kebun Teh Wonosari Lawang Malang, Serunya Ngeteh di Padang Hijau". Daka Tour. Dibukak ing 2023-10-14.
  7. a b Baskara, Medha. "Konsep Pengembangan Wisata Agro Kebun Teh Wonosari: Usaha Diversifikasi Dalam Meningkatkan Nilai Tambah Pengelolaan Perkebunan Teh". Seminar Nasional Perhimpunan Agronomi Indonesia (PERAGI) “Tanggung Jawab Agronomi dalam Revitalisasi Pertanian” Malang, 27-28 September 2005: 1–12. {{cite journal}}: |first2= missing |last2= (pitulung); line feed character in |journal= at position 57 (pitulung)
  8. a b Kartika, Ratna (2023-10-13). "Perkembangan Agrowisata Perkebunan Teh Wonosari Tahun 1994-2010". Avatara. 2: 61–74.
  9. Assidiq, Yusuf; Fizriyan, Wilda (2021-10-26). "Mengenal Kebun Teh Wonosari yang Ada Sejak Zaman Belanda". Rejogja. Dibukak ing 2023-10-14.
  10. Marisa, Rizky Hanivia (2022-05-31). Ditulis ing Surabaya. "Proses Produksi Teh Hitam Crushing Tearing Curling (Ctc) di Pt. Perkebunan Nusantara Xii Kebun Wonosari". Skripsi. UPN Veteran Jawa Timur: Fakultas Teknik.
  11. RW, Achmad (2022-07-12). "Kualitas Hidup Masyarakat Sekitar Perkebunan Teh Wonosari". Jawa Pos Radar Jombang. Dibukak ing 2023-10-14.
  12. Cahyaningrum, Siwi Yunita (2012-01-15). "Teh Wonosari Isi Pasar Luar Negeri". Kompas.com. Dibukak ing 2023-10-14.
  13. Wijoto, Ribut (2019-04-25). "Kebun Teh Wonosari Lawang Hasilkan 800 Ton Teh Siap Ekspor". Berita Jatim. Dibukak ing 2023-10-14.
  14. Jannah, Alvi Nur (2023-02-04). "Informasi Wisata Kebun Teh Wonosari: Rute, Tiket, Daya Tarik dan Tips". IDN Times Jatim. Dibukak ing 2023-10-14.
  15. "Wisata Petik Teh Di Kebun Teh Wonosari Malang Jawa Timur". Dolan Yok. 2023-10-12. Dibukak ing 2023-10-14.
  16. Ningrum, Oktavia (2023-04-05). "Mengunjungi Wisata Agro Wonosari, Kebun Teh Nge-Hits di Malang!". Yoursay. Dibukak ing 2023-10-14.