Katakombe
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng 10 Oktober 2011 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 419 menit kapungkur. |
Katakombe iku kuburan kang ana ing sangisore lemah ing pirang-pirang kutha ing Kekaisaran Roma, khususe ing kutha Roma. [1] Awale kuburan iku digunakake kanggo kuburan kaya biyasane, banjur digali dadi lorong-lorong dawa sangisore lemah nganti pirang-pirang tingkat. Nyarekake wong seda iku wis dadi warisan tradhisi saka mbah buyute wiwit dhisike isih kafir. [2] Nanging, banjur iki dijupuk dening wong-wong Kristen. Tembok-temboke lorong iku digunakake kanggo kuburane wong-wong kang duweni iman lan ruang-ruang gedhe kanggo patemonan ibadat rahasia nalika penganiayaan kang dilakokake dening pamrentah Romawi ing abad pisanane wong Kristen (abad 1 nganti tekan abad abad 4) saka zaman Kaisar Valeranius. Wong-wong Kristen meneng-meneng kumpul ing katakombe-katakombe San Sebastiano ing sajabane tembok kutha Roma kanggo njaluk parlindhungane Rasul Petrus lan Paulus kang mayite disarekake ing katakombe iki.
Pamilihan panggonan ing batu kang diarani lemah tuffa, iku lemah kang kurang atos, nanging wis kena udara garing banjur dadi atos. Katakombe dibangun wiwit abad 2. Ing abad 4, katakombe digunakake kanggo upacara kanggo mengeti para saksi iman utawa martir Kristen kang seda sajroning penganiayaan. Sawise abad 7 peratalat ibadat ing katakombe dijupuki dening suku Langobard lan pirang-pirang penyerbu lan akeh para martir kang dipindhahake menyang penggonan-panggonan kang luwih aman ing abad kaping 9. Sawise iku, katakombe ora kaurus nganti tekan abad kaping 16.
Cathetan Sikil [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (Basa Inggris)The Catacombs of Naples
- (Basa Inggris)The Catacombs of Paris
- (Basa Inggris)The Catacombs of Saint Sebastian
- (Basa Inggris)Catacombs
- (Basa Inggris)The Catacombs of Saint Callist
- (Basa Inggris)Subterranean Britannica