Karachi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Karachi (Urdu کراچي Karācī) iku kutha paling gedhé ing Pakistan lan uga ibu kutha provinsi Sindh. Karachi ikuhub finansial lan komersial Pakistan. Kutha iki papané ana ing pesisir Segara Arab lan dunungé ana ing lor-kulon delta Kali Sindu. Cacahé pedunung ana kurang luwih 14 yuta, Karachi iku salah sawijining kutha paling padhet sadonya.