Jeg-Jegan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jeg-jegan menika salah satunggaling dolanan bajang saking Kabupatèn Sléman, Daerah Istiméwa Ngayogyakarta. Dolanan menika ugi kasebat raton ing Kabupatèn Kulon Praga, lan bètèngan ing Kitha Ngayogyakarta. Dolanan menika kondhang nalika taun 1980-an.

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeg-jegan menika dicuplik saking tembung njejegi, mula ing prang menika menawi musuhipun mundur papan kasebat dijegi kang menang. Uga wonten menika Jeg-jegan dicuplik saking tembung jeg. Mula, jeg-jegan menika dolanan menawi sisih kang kalah kados pindah saking papanipun ing papan liyanipun sabanjuripun papan menika dijegi kaliyan sisih kang menang.[1]

Menika sami kaliyan bètèngan. Bètèngan menika dicuplik saking tembung bètèng. Bètèng menika papan prajurit nalika perang. Menawi salah satunggaling sisih kalah kedah pindah saking beteng. Dolanan menika nuladhani para prajurit kang perang lan pun dangu.

Cara Dolanan[besut | besut sumber]

Dolanan jeg-jegan menika ing wiwitanipun namung bocah jaler, nanging sakmenika bocah jaler lan setri saget dolanan jeg-jegan. Dolanan menika ngandelaken kekiyatan badan lan gesit nalika lumayu, mula luwih kathah bocah jaler ketimbang setri dolanan jeg-jegan menika. Jeg-jegan menika biasanipun ing latar griya ing wayah awan, sonten, utawi dalu nalika padhang bulan. Dolanan menika nuladhani perang kang sampun wonten nalika jaman rumiyin.[1]

Dolanan menika paling sekedhik ditumuti tiga bocah satunggal kelompok. Ing dolanan menika mbetahaken kalih leng alit sabanjuripun didamel garis bunderan kanthi jarakipun 1 meter saking leng menika kang diarani njejegan. Jarak njejegan setunggal lan njejegan ing sisih liyanipun menika 5–7 m. Njejegan menika kanggo papan bebandan Ing caketipun njejegan menika didamel bunderan ukuranipun luwih alit tinimbang njejegan kang mapan rada miring ing tengen saking njejegan.[2]

Jeg-jegan menika dados kalih kelompok kang adhep-adhepan, tuladhane kelompok I (anggota A,B,C,D,E) lan kelompok II (anggota F,G,H,I,J). Saben kelompokipun paling sekedhik anggotanipun 4 bocah. Nanging kirang saking 4 ugi saget dolanan.[3]

Saderenge miwiti dolanan, salah setunggal anggota menika dados wakil pingsut kagem nemtokaken kalah lan menang. Umpaminipun kelompok I kalah lan kelompok II menang. Kelompok menika kedah nemtukaken markas, kang wujud wit, cagak, lan sakpanunggalane. Markas menika antawisipun kelompok I lan kelompok II jarakipun 10 dumugi 20 meter. Uga kalih kelompok menika damel papan kunjara kang awujud garis bunder kang jarak kaliyan beteng antawis 3 dumugi 5 meter.[1]

Kelompok kang kalah kedah mancing medal wonten jawinipun beteng, kang saderengipun jaga beteng. Pemain kalah, tuladhanipun pemain A, medal saking beteng. Mula piyambakipun saget diuyak pemain lawan, tuladhanipun pemain F. Saderengipun pemain F kedah nyepeng beteng. Menawi pemain A wau saget kauyak lan kacepeng dening pemain F, pemain A dikunjara dening kelompok II. Dheweke dikunjoro ing bunderan kanthi cara jumeneng.[4]

Anggota kelompok I, tuladhanipun pemain B, gadhah penggayuhan mbiyantu supados pemain A medal saking kunjara. Saderengipun pemain B ugi kedah nyepeng beteng. Nalika ajeng medalaken pemain A saking kunjara, piyambakipun uga saget nyepeng pemain F kang dereng wangsul wonten ing beteng. Menika salajengipun nguyak lan medalaken rencang kang sampun ing kunjoro. Saben pemain kang pun saget balik wonten betengipun luwih kiyat tinimbang pemain liyanipun.[1]

Uga saget nalika anggota kelompok I saget nyepeng beteng mungsuh. Mula kelompok I dados menang. Nanging nalika anggota menika kalah kaliyan anggota kelompok II, piyambakipun dikunjara. Kelompok kang saget nyepeng beteng mungsuh pisanan menang dolanan. Menawi kelompok I saget nyepengi beteng, kelompok menika angsal biji 1. Dolanan menika saget dibangsuli malih.

Dolanan menika mbetahaken rasa sportivitas. Pemain kang licik mboten dipracaya dening pemain liyanipun. Dolanan menika kedah sesaengan, mboten pados menangipun piyambak. Saben pemainipun kedah rumangsa papanipun dados penunggu beteng utawi sisih kang kalah. Menawi mboten saget lumayu banter, kedahipun tengga beteng.[5]

Jeg-jegan menika nuwuhaken rasa tresna tumraping jagat amargi dolanan menika wonten ing latar utawi lapangan. Jagat menika mboten saget pisah saking gesangipun tiyang. Mula bocah sampun sadar menawi gesang menika saget ngregani jagat.

Jeg-jegan uga nuwuhaken rasa tulung tinulung tumrap rencang nalika wonten alangan. Caranipun nulung temtu migunakaken cara kang sae. Menika uga nuwuhaken cara mikir marang bocah. Menawi wonten migunakaken cara licik bakal diukum mboten tumut dolanan malih.[6]

Dolanan menika uga nuwuhaken greget supados saget menang. Menika dados pawiyatan tumrap bocah menawi pengin menang bakal nemuni alangan. Nanging alangan menika saget diprantasi migunakaken daya upaya.[6]

Jeg-jegan menika ugi nuwuhaken rasa tanggel jawab. Saumpaminipun salah setunggal kelompok menika kalah, setunggal kelompok menika tanggel jawab kaliyan aturan kang sampun didamel saderengipun dolanan diwiwiti. Menika dados pawiyatan tumrap bocah nalika ngadhepi masyarakat.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d "Jeg-jegan". Warisan Budaya Takbenda. 2010-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-23. Dibukak ing 2023-02-23.
  2. "Jeg-jegan". Warisan Budaya Takbenda. 2010-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-23. Dibukak ing 2023-02-22.
  3. Mujinem (2018). "Nilai-Nilai Kehidupan dalam Permainan Tradisional Anak di Daerah Istimewa Yogyakarta Pada Era Globalisasi". Humanika. 10(1): 9.
  4. Mujinem (2018). "Nilai-Nilai Kehidupan Sosial dalam Permainan Tradisional Anak di Daerah Istimewa Yogyakarta Pada Era Globalisasi". Humanika. 10(1): 9.
  5. Mujinem (2018). "Nilai-Nilai Kehidupan Sosial Permainan Tradisional Anak di Daerah Istimewa Yogyakarta Pada Era Globalisasi". Humanika. 10(1): 12–13.
  6. a b Mujinem (2018). "Nilai-Nilai Kehidupan Sosial Permainan Tradisional Anak di Daerah Istimewa Yogyakarta Pada Era Globalisasi". Humanika. 10(1): 13.