Jaman Jomon
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Sejarah Jepang |
|---|
|
|
| Daftar istilah |
Jaman Jomon (縄文時代 jōmon jidai?) yaiku jaman prasejarah kepuloan Jepang kang diwiwiti saka pungkasané jaman Pleistosen tekan jaman Holosen, bebaréngan karo jaman watu pertengahan utawa jaman watu anyar kang ditandhani kanthi anane perkakas saka tembikar. Okinawa ana ing jaman tumpukan kulit kerang nalika kepuloan Jepang liyané isih jaman Jomon.
Manungsa ing jaman Jomon nalika nggolek panganan gumantung marang panggone urip. Ana kang dadi tukang buru kéwan lan tukang nglumpukaké tanduran kang isa dipangan. Manungsa jaman Jomon wis wiwit ngenal budaya tembikar kang nduwéni sifat artistik.