Jajag cepet
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jajag cepet (basa Inggris: Quick Count ) iku sawijining methode vérifikasi jroning pétungan asil pamilihan kanthi migunakaké sampel ing sawetara papan pamungutan swara. Béda karo exit poll, pamilih ora ditakoni sapa sing dipilih, nanging proyèksi asil didhasaraké marang asil resmi saka papan pamungutan swara kasebut. Parallel vote tabulation iku uga mèmper karo jajag cepet, nanging migunakaké kabèh populasi (statistil) dudu nganggo sampel.