Inception
| Inception | |
|---|---|
| Gambar:Inception poster.jpg Theatrical release poster |
|
| Sutradara | Christopher Nolan |
| Produser | Christopher Nolan Emma Thomas |
| Panulis | Christopher Nolan |
| Paraga | Leonardo DiCaprio Ken Watanabe Joseph Gordon-Levitt Marion Cotillard Ellen Page Tom Hardy Cillian Murphy Tom Berenger Michael Caine |
| Musik déning | Hans Zimmer |
| Sinematografi | Wally Pfister |
| Panyunting | Lee Smith |
| Studio | Legendary Pictures Syncopy Films |
| Distributor | Warner Bros. Pictures |
| Tanggal rilis |
|
| Durasi | 148 menit[1] |
| Negara | Cithakan:FilmUS |
| Basa | Basa Inggris |
| Anggaran | $160.000000[2] |
| Bathi reged | $659.091.844[3] |
Inception iku sawijining film fiksi ngèlmiah Amérika Sarékat sing metu ing taun 2010 lan ditulis, diproduksi sarta disutradarani déning Christopher Nolan. Film iki dibintangi déning Leonardo DiCaprio, Joseph Gordon-Levitt, Ken Watanabe, Marion Cotillard, Ellen Page lan liya-liyané. Inception iku caritané perkara ngimpi. Wong bisa mlebu donyané wong nalika turu lan ngimpi sarta nyolong informasi saka ngimpi. Inception sing dilakoni ora namung olèhné wong nyolong informasi saka ngimpi nanging uga kepriyé wong bisa ndokok informasi anyar ing manahé sawijining wong. Aktivitas iki jenengé insèpsi utawa inception in Basa Inggris.
Ing film iki Leonardo DiCaprio mainaké paraga Dom Cobb, sawijining maling informasi. Dhèwèké ditugasi Saito sing diperanaké Ken Watanabe kanggo ndokok informasi anyar ing manahé sawijining wong, Robert Fischer utawa putrané Maurice Fischer yaiku saingané sing saiki sekarat. Saito kepéngin menawa Robert Fischer minangka ahli warisé saingané bakal mecah perusahaan bapaké. Banjur Saito njanjèni Dom Cobb menawa dhèwèké bakal diganjar olèh mulih menyang kulawargané manèh ing Amérika Sarékat, awit saiki Cobb iku wong buron sing dioyak-oyak pulisi lan ora bisa mulih.
Christopher Nolan kandhané olèhé nulis skrip film iki, 10 taun lawasé.
Cathetan sikil[sunting]
- ^ "Inception". BBFC. 29 Juni 2010. http://www.bbfc.co.uk/AFF262637. Retrieved 2010-08-08.
- ^ Fritz, Ben. "Movie projector: 'Inception' headed for No. 1, 'Sorcerer's Apprentice' to open in third", Los Angeles Times, Tribune Company, 15 Juli, 2010. diaksès tanggal 2010-07-27. "It's also one of the most expensive, at $160 million, a cost that was split by Warner and Legendary Pictures."
- ^ "Inception(2010)". Box Office Mojo. Internet Movie Database. http://www.boxofficemojo.com/movies/?id=inception.htm. Retrieved 2010-08-23.