Het Bildt
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Het Bildt, iku sawijining gemeente Walanda sing panggonané ana ing provinsi Friesland. Ibukuthané yaiku Sint Annaparochie. Ing taun 2004 tlatah iki nduwé pedhunung cacahé kira-kira ana 11.000 jiwa.
Tlatah Het Bildt iku akèh didunungi déning wong saka Zuid Holland. Mulané para pedhunungé akèh sing wicara basa Walanda lan dudu basa Frisia.
