Gregor Mendel
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gregor Johann Mendel (lair ing Hynčice (Heinzendorf bei Odrau), Kakaisaran Austria (sapuniki mlebet Républik Ceko), 20 Juli 1822 – tilar donya ing Brno, Kakaisaran Austria-Hungaria (sapuniki Ceko), 6 Januari 1884 kanthi yuswa 61 taun) dipunsepakati minangka Bapak Pangadeg Genetika. Manggèn ing Brno (Jerman: Brunn), Austria (sapuniki bagéyan saking Républik Ceko), panjenenganipun punika satunggiling rahib Katulik ingkang ugi mucal dhateng sekolah. Raos péngin mangertosipun ingkang inggil nuntun panjenenganipun nglampahi pedamelan pasilangan lan pamurnèn tanduran ercis. Liwat pacobènipun puniki panjenenganipun nyimpulaken sapérangan aturan ('hukum') ngenani pawarisan sifat ingkang dipuntepangi kanthi nami Hukum Pawarisan Mendel.
Wikimedia Commons gadhah galeri bab: