Glali
|
Gawe gelali ing pasar wengi.
|
Glali yaiku panganan kang digawe saka pintalan gula kang dibakar dhisik.[1] Panganan iki pisanan dikenalke ing taun 1904 dening William Morrison lan John C. Wharton, ing St. Louis World's Fair kanthi nama "Fairy Floss" (benang peri) kanthi sukses.[1] Dheweke kasil adol 68.655 kotak kanthi rega kang lumayan larang, yaiku AS$0,25, utawa setengah saka rega tiket mlebi ing pameran kuwi.[1]
Glali digawe saka gula kang diwenehi warna panganan.[2] Mesin gulali modern cara kerjane nganggo cara kang padha kayan mesin-mesin kang lawas.[2] Bagian tengah mesin kuwi ana wadah cilik.[2] Ing jerone dileboni gula lan pewarna paanganan.[2] Pemanas cedhake pinggir wadah kuwi gunane kanggo nglumerke gula, kang sateruse diputer lewat bolongan ncilik lan asile dipadetke dening angin.[2] Banjur benang-benang kuwi mau dikumpulke ing wadah wesi kang gedhe.[2] Operator mesin kanggo muter yaiku kayu cilik utawa kertas karton kang digawe bentuk kerucut (wong-wong kang wis pengalaman biasane nggunakake tangane dhewe) pinggire wadah gedhe mau kanggo ngumpulake.[2]
Glali rasane legi lan kelet.[2] Amarga ketok kaya benang wol, gelali cepet mlumer yen neng jero cangkem.[2] saliyane kuwi uga cepet kelet yen kena uap banyu.[2]